IKLAN


 

Bupati Arief Teken Kontrak 286 PPPK Blora

Kontrak 286 PPPK ning Blora ditutuke maneh sampek 2030 diteken langsung karo Bupati Arief Rohman ning Pendopo Omah Dines.

Tapakasma Prajanjen PPPK
SAMINOTO, ME - Cacahe udakara 286 Pegawai Pemerintah dengan Perjanjian Kerja (PPPK) angkatan tahun 2020,  tandatangan nutukno wektu perjanjian kerjo karo Pemerintah Kabupaten Blora, sing diasmani karo Bupati Blora Arief Rohman, ing dino Selasa (30/12/2025) ning Pendopo Omah Dines Bupati Blora.

PPPK Angkatan tahun 2020 kasebut, wektu kontrake arep didawakno maneh limang tahun, mulai 1 Januari 2026 sampek 31 Desember 2030. Seko kabeh 286 PPPK sing nutukno kontrake iku 269 uwong, tenaga guru lan 17 uwong tenaga kesehatan. 

Adicara  tapakasmanan prajanjen kerja iku, ugo ditekani lan disekseni karo Inspektur Daerah Kabupaten Blora, Kepala Badan Kepegawaian Dan Pembinaan Sumber Daya Manusia Kabupaten Blora diderekno komplit andahane, yaiku para Kepala Bidange dewe - dewe. 

“Alhamdulillah ing enjing ingkang nyenengke niki, kita sedaya taksih diparingi nikmat kesehatan, lan wekdal hingga saget nggelar adicara niki, lan adicara niki wigati sanget tumrap kita sedanten, kauninga menawi 286 PPPK angkatan tahun 2020 punika, sampun  maringi kerjane ingkang sae sawetawis wekdal gangsal tahun niki, sak suwantene wekdal prajanjen kerjanipun,” omonge Bupati Arief alus pas pidato.

             Bupati Blora Arief Rohman

Entuk Pambijen Apik
Bupati Arief ngaturke puja pujine lan matur suwun marang kerjane para PPPK, sing wis dilakoni udakara limang tahun iki kanggo mbantu warga Kabupaten Blora iki.

“Lan sampun sak mestine kalih wewengkune kita, bilih kerjanipun njenengan sedoyo sae, sampun sak mestine kita paringi kontrak ndawakke malih. Lan dinten niki, kita tapakasmani sesarengan prajanjen kerja saking Bapak, Ibu. Sedoyonipun, punika adedasar saking pambijen ingkang dilakokke dateng OPD njenengan lan ugi saking  BKPSDM,” terang Bupati

Miturut Bupati, para PPPK sing entuk kontrak ndawakke kerjane, ing dina iki, wes sah amergo olehe nyambut gawene apik, kompeten, lan nduweni sikep jujur, ogak pernah kenek ukuman disiplin teko kantore dewe - dewe, lan sehat jasmani rohanine.

"Bapak, Ibu, sedoyo sampun angsal pambijen sae, niki sampun kathah kaleresanipun, kompetensi ingkang saking guru, tenaga kesehatan. Niki sampun gadhah kualifikasi akademik lan sertifikasi ingkang maton kalih pangkat jabatan Bapak, Ibu sedayanipun. 
Kasinggihan adedasar puniko Pemerintah Kabupaten Blora maringi kaprayogan ndawakake wektu prajanjen kerja malih gangsal tahun malih” ature Bupati Arief.

Pambijen Saben Taun
Bupati Arief ngaturke pirsa bilih teng Kabupaten Blora, wektune kontrak PPPK suwene limang tahun, teng kabupaten liyane wonten sing mung  setahun. PPPK Blora sing wektune kontrak didawakno maneh iki, kepitung mulai 1 Januari 2026 sampek tanggal 31 Desember 2030. Ewadene, Bupati Arief negeske, arep terus nganakno pambijen nyambut gawene kabeh PPPK Kabupaten Blora setahun pisan.

“Masiyo prajanjen PPPK didawakke wektu gangsal tahun, kita tetepke pambijen setahun sepindah nyambut damele njenengan  Bapak/Ibu, sedanten nggih. Kagem para guru, tenaga guru, nyuwun tulung dalem direncangi, pripun supados ndamel SDM, anak-anak Blora ingkang gadah sipat sae akhlake,  pesteke kualitas pendidikan kita niki saget minggah, netepi jamane,” ature malih.

"Kagem tenaga kesehatan, kudu bisa netepi  pelayanan kesehatan sing apik kanggo warga masyarakat Blora, lan supados terus mundakno rega kompetemsi, profesional lan  berinovasi, kanggo nggampangno pelayanan masyarakat Blora sing mbutuhke kesehatan," tandesane Bupati Arief. (Hms/me)





Posting Komentar

0 Komentar