IKLAN




 

Pie To Kiiihh?!

"Pie to kiiih..jebule niatan apik durung mesti bener lan pener," aloke ngersulo Mukidi Bayan anyaran sing rung nganti setahun tur durung tampa bayaran, soale siltape durung dianggarno tahun Iki.

Masiyo durung nampa Siltap, tapi semangate Bayan Mukidi jan mbayani olehe mrantasi gawe. Koyok Ra ndue kesel, wegah leren mubeng - mubeng desa ngeterke layang kanggo warga sing entuk bayaran BLT Dana Desa.

Sarekat desa siji Iki pancen istimewa, wonge grapyak, semanak tur enthengan tangan marang sopo wae, seneng mergawe timbang main hape. Mulane tansah entuk pangalem Petinggi Karjan, wong nomer siji neng desane.

"Pasrahno Mukidi ae, dadi Ketua Panitia BLT DD, mengko lak beres, wonge sregep, tur disenengi warga," perintahe Petinggi Karjan pas ana rapat Musyawarah Desa, sing mbahas ngelukne BLT DD sing dirapel langsung telung Wulan, bejajine total 900 ewu repes ping 140 warga.

Ora ono udan, ora ono angin, jebule dum - duman duik BLT iku jebule nggembol watu, ide njaluk bantuan warga sing entuk BLT DD, nggo mbangun Musholla ning kantor Bale Desa, dadi perkara. Video teka hpne mboh sopo iku, marai mala sing ndadekna Bupati duka, njaluk duike kabeh dibalekna.

Ngrumangsani wong paling ngisor, Petinggi Karjan langsung perintah kabeh sarekate nggo balekno duite, nanging ora mung sak mono, Petinggi Karjan sak perangkate uga melu diperiksa neng Kepolisian, Iki sing marai repot.

"Lempok pokoke iki, niat apik jebule pancen durung mesti bener lan pener, kepengine ngajak warga guyup wenehi sedekah kanggo mbangun tempat ibadah malah dadi masalah, Mugi - mugi tansah diparingi wasilah lan berkah, nyuwun dongane Yo Mas," aloke Bayan Mukidi Alon sajak pasrah. (Rome)



Posting Komentar

0 Komentar