IKLAN




 

Kejeglong Arisan Online

Mulane wong kudu tansah eling lan waspada, Ojo dumeh, Ojo angger, trus nerak - nerak olehe nggolek duit, ning mburine malah ngrugekno wong akeh, wingenane kredit omah fiktif, sampek disita aparat.

Saiki, ono maneh atusan wong keglembuk bisnis arisan online, nganti ngrugekno Rp. 44 Milyar, kaya sing dirasakno Nurlela, kancane Yu Tik, wis rong mbengi nginep neng Yu Tik, merga dioyak wong - wong sing kejeglong Arisan Online, gawanane.

"Lha Yo, wong arisan ketemu ae, ono wae sing endho kok, opo neh Iki mung lewat komputer, utowo HP, jebule duitmu akehe mboh, penyanyi kampung ae kok duikmu milyaran Leh Nur" aloke Yu Tik, marang Nurlela kancane.

Penyanyi campursari iku, nangis sesenggukan, duike dekne karo kanca - kancane sing urunan nggo melu arisan online, nganti luwih telung milyar, amblas digondhol minggat.

"Iku mono ora duikku Dewe yo Yu, duike kanca - kanca penyanyi liyane, Jian jahat tenan Lola iku, kok digowo minggat Kabeh, ngene iki, trus pie aku Yu, Om Law pripun niki Kulo sak mangke" saure Nurlela karo tangisan.

Om Law, sing Pengacara langganane medang ning Yu Tik, melu diundang nggo ngudari masalah, sing lagi dirasakno Nurlela, langsung maringi advis bab hukum, marang Nurlela, nanging nganggo Bahasa Indonesia.

"Jadi begini, mbak Nurlela, anda itu termasuk yang menjadi korban, sama dengan yang lainnya, pelaku utama adalah siapa yang menerima aliran dana tersebut, dan tiba - tiba, setelah terkumpul banyak dana, dia menghilang, patut diduga, ini tidak sendiri, bisa dimungkinkan ada pihak - pihak lain yang membantu, itu yang harus kita cari, termasuk aset - asetnya, dimana saja, mengingat ini korbannya ratusan, maka ini akan memakan waktu cukup lama, dan aparat harus profesional dalam menangani kasus ini, ini kejahatan ekonomi dan ITE," aloke Om Law.

Nurlela masiyo nangis sesenggukan, rumongso iseh ndue mongkog neng ati, mergo diunekno dadi korban, kejahatan kancane sing jenenge Lola, sing odo - odo gawe arisan online. Nanging atine ugo, jek Wedi, menowo Yen diurus hukum, mengko duike sak kanca lan korban liyane malah ilang, mergo wes diganti ukuman penjara.

"Lha nanti, kalo ini diproses hukum, Lolanya milih dipenjara saja, uang kami bisa hilang ya Om Law, katanya kalo sudah dihukum, dia gak usah kembalikan harta kami," takone Nurlela, melu - melu nganggo Bahasa Indonesia.

Om Law wes mbedek, mesti pitakon iku metu teko korban penipuan, tur maneh akeh kasus, sing duike ora mbalik, bareng pelakune dicekel trus dipenjara, nanging duite ora do mbalik, malah ilang. Om Law kudu ati - ati njawab Iki.

"Ya itulah, tergantung bagaimana penanganannya nanti, makanya harus juga tahu, seluruh asetnya harus ditelusuri, jangan sampai hilang, atau pindah tangan, tapi pada prinsipnya, aparat harus bisa bekerja dengan profesional, tidak boleh main - main, apalagi main mata dengan pelaku, dan masyarakat luas juga ikut membantu, berikan informasi apa saja yang terkait kasus itu, dan untuk pelaku, segera menyerahkan diri saja, dia juga terancam bahaya, bisa diincar penjahat lainnya" aloke Om Law. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar