IKLAN




 

Ayo Golek Ridhlone Gusti Allah

Isen - isene donya Iki pancen ono - ono Bae, carane wong nggolek duik. Ono sing direwangi budal isuk mulih bengi, ning mung cukup kanggo isen - isene weteng thok, ning Ono ugo sing mung tenguk - tenguk, duit moro dewe ning rekeninge, utowo tas lan brankase, dadi sugih mblegedhu. 

Ning yo ono, sing kelas menengah, wong sing sarwo cukup, sugih ora mlarat ora, tapi cukupan butuhane, pengen gawe omah, nekad nyebrak sertipikat morotuwo delok, pengin tuku mobil, nekad nggolingno Bank rong nggon, pokoke sarwo nekad, ning sak nekad - nekade tetep nganggo pitung sing titis, ora angger.

Manut bukune Mbah Robert T Kyosaki, Mbah - mbahe wong sing nekad golek duik sak ndonya. Polahe wong mergawe dipontho - pontho dadi papat, utawa prapatan. Prapatan siji, wong sing dadi buruh, utowo pegawe, swasta utawa PNS. 

Sak banjure Prapatan loro, golongane wong sing due usaha Dewe, utowo wong profesional, kayata dokter, pengacara, bakul, lan sak panunggalane, sing disebut buka usaha dewe, rong Prapatan iku manggone neng kiwo, disebut actives income, artine nek gak mergawe, yo ora bayaran.

Prapatan loro maneh, yaiku prapatan sebelah tengen, Prapatan ketelu lan kepapat, kanggone wong konglomerat sing nduwe perusahaan gede, utawa pabrik gede, sing diarani wong bisnis, karo wong sing due duit akeh, sing ditandur - tandur neng usaha akeh sing disebut investor.

Prapatan loro iku, sing kasebut passive income, duit teko Dewe, masiyo ora mergawe. Nanging, opo iku yo gak ono resikone? Kabeh ono resikone, opo maneh ning jaman pandemik Covid 19 Iki, akeh perusahaan bangkrut, negara bae meh kukut, diantem pagebluk.

Masiyo ngono, ayo podo eling lan waspodo, koyo pie bae carane wong golek duik, utamakno golek ridhlone Gusti Allah Ta'ala. Ojo mbegal, colong jupuk, utawa nipu daya marang siji lan liyane, ora gede ora cilik,  ora pejabat ora rakyat, kabeh podo neng ngarepe Gusti Pangeran sing nduweni jagad sak isine Iki. Podo elingo, bondo donya iku ora iso digawa, yen awak Dewe wes dipathoki loro. Malah dadi tukar anak putune merga rebutan warisan, mulane podo elingo lan waspadakno. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar