IKLAN




 

Eh Iyo Cah...Pandemi Ngene Kok Nekad!

Dhe Sumar misuh - misuh ra karuan, karo ndelokno hapene, sajake ono perkara sing marai dekne gregeten, kabeh solah tingkahe diwasno bae karo Yu Tik, sinambi ngudek wedang pesenane Dhe Sumar, kopi pait, ditambah gorengan rondo royal sak piring klangenane.

"Ono opo to Dhe..jek sore kok wis muring - muring ae, po neh muring - muring kok karo hape, disawang ko kadohan koyo wong gendeng lho Dhe..kenapa e?" aloke Yu Tik alus, karo nyugohno kopi sak Rondo royale sak piring.

Dhe Sumar, gagenan nyaut rondho royal trus dicawel cepet - cepetan, raine ijeh mbrabak abang Ireng, ngewasno kiriman kabar teko whattsappe anake wedok sing ijeh sekolah SMP Negeri.

"Iki delok ah Yu, wa teko Sumi anakku sing sekolah SMP Negeri, ntuk kiriman surat kon tuku bahan seragam sekolah, putih biru, Pramuka, klambi olahraga karo batik, totale 800 ewu, kudu dibayar, iku jek bahan thok, rung ongkos njahite, pie jal po gak mumet ngene iki!" saure Dhe Sumar karo ndudohno kiriman WhatsApp Sumi, anak ragile Dhe Sumar.

"Ya.. Allah, jaman duik angel ngene kok isek ono model ngunu yo Dhe, jan - jane Kepala Sekolahe ngerti pora Yo, nek awak Dewe lagi ponga pangian golek pangan, angile ngene kok, diempuk Kon mbayar seragam 800 ewu, jian tenan ogh," aloke Yu Tik, karo ngelus dada.

"Lha Yo, sekolah ae gak jenak ogh, Kon tuku sragam, mbok sing cerdas ngunu lho, duwe pikiran iku, jaman pandemi Ngene kok jek nekad ae, jan - jane ndue ati pora Leh, penting bocah Iki slamet Sik ngunu lho, semono ugo wong tuwane, ben tenang, mergawe angel kabeh kok, ditambahi ide gila Kon tuku sragam, ngono Yo ngono, tapi mbok Ojo ngono, wong cilik dinggo ombal - ambilan ae" saure Dhe Sumar tambah semangat digunggung Karo Yu Tik.

Lha yo..tuku seragam bae kok teko adoh, lha gene gak neng toko kain kene, tuku batik kenopo gak bathike UMKM Dewe, jian ora pokro tenan ogh, jarene teori Kon mblanja neng toko lokal, kok malah blanja adohe mboh, po ben gak konangan bathine sak hohah ngono pie, Duh Gusti paringono pemimpin sing amanah, lan pinter, ngerti kondisi lan ndue empati marang rekasaning wong cilik, sing ongklak angklik, neng nduwur dingklik.Amiiin. Selamat Hari Anak Nasional Yo..(rome) 

Posting Komentar

0 Komentar