IKLAN




 

Duh Gusti..Paringono Slamet

Wes seminggu Iki warunge Yu Tik tutup gasik, ora mergo Yu Tik wes kakehan duik, utawa kudu ngladeni bojo, ora..Yu Tik jek rung sugih, opo neh wes ndue bojo maneh, dijak Balen tidasane wae, emoh kok wonge, jek trauma jarene. Warunge Yu Tik lan liya - liyane keterak aturan Pemerintah, kudu tutup gasik, mung iso buka sampek jam 5.00 sore, merga keterak kalabendu penyakit sing gawat tenan.

Penyakit teka virus lowo iku, marakno was - was kabeh negara sak ndonya. Paribasan esok lara, sore tilar ndonya, sak mono uga walike, sore lara, esok wis gak Ono, alias mati, merga keterak Covid 19. Pemerintah sampek judeg ngrasakno, kabeh Rumah Sakit bek, pasien terpapar Covid, kamar UGD gak ngatasi, pasien nganti antri, njaluk diurusi.

"Wingi kampungku keterak Covid Yu, gara - gara teka mendharat wong ndue gawe manten, bar teka buoh, jenenge Ning ndesa ndara salam - salaman, ora maskeran sisan, esoke awak pating nggreges, sirah ngelu, watuk, irung buntu gak iso mambu, ibarat dikei lentung irunge, blas ora mambu," aloke Mas Yono, tukang potong rambut keliling, karo nyruput kopi setengah pait senengane.

Yu Tik, karo nggresah sinambi isah - isah, melu nyauri, pagebluk sing wes rong taun luweh, ora menda malah soyo ndadra. Ora cuma penyakit awak, atine wong - wong dadi ciut, ngger krungu ambulan Puskesmas, nggowo pasien, karo mobil jenazah, teka lungo ora kanda - kanda.

"Aku winginane yo dikei surat Bayan Mani, bar iku diparani mas Bhabinkamtibmas karo Babinsa, intine dipenging dodolan sampek bengi, koyo biasane, merga warungku dianggep marai kerumunan wong - wong, sing do ngopi, ngeteh, karo mangan rondho royal, nek ngene carane suwe - suwe yo bangkrut aku Dhe Yono, lha pie wong mrene mesti Yo sore, nganti bengi ngunu kae, esok awan do mergawe, dodol mung limang jam, ntuk duik piro Leh Dhe, suwe - suwe bangkrut aku Dhe" saure Yu Tik.

Terae omonge Yu Tik yo bener, suwe - suwe Yo bangkrut, nanging pie maneh, rakyat kudu dislametke, duik atusan Trilyun wes disokke nggo biayani nangani Covid Iki, mudik yo wes dipenging, nanging isih Ono sing ndablek, bener riyaya gak muleh, bareng usum due gawe, do balik mulih, tibake nggowo penyakit.

Duh Gusti..Paringono Slamet sak kabehane, Yo slamet awake sehat, Yo slamet kendhile ora sampek nggoling, mugo - mugo masiyo kudu nggolingno utangan, iseh diwenehi dalan padhang rejeki. Pemerintah ngarep uga kudu ngerti, rakyate medhag - medhag, kudu wani mbedhag, Silpa Ojo nganti meledak, geger njaluk duik CSR, duike Dewe ora diserap, jian tenan ogh! (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar