IKLAN




 

Dadi Nduwuran Kudu Das Des

Yu Tik ndomblong ae ngenteni langganan warunge teka, sawise prei badan rodo suwe, tilik ibune neng ndesa, karo sapa temon adi - adine, padahal karo pemerintah ora oleh mudik, nglewati kali Nggawan bae wes dicegat aparat. Ning akale utawa kancane Yu Tik mbok nowo Akeh, dadi iso ucul ko Cegatan, po numpak jukung Yo?

Gak gantalan suwe, rombongane teka, Dewan Joko, Dhe Sumar, Mbah Surip, Lik Mantri karo Om Law, sak mobil bareng moro neng Warunge Yu Tik.

"Alhamdulillah..tak kiro Yu Tik wes gak balik neng Desane awake Dewe Yo Dhe, biasane nek Sawalan ngene Iki do ntuk jodone, opo Balen, koyok theklek kecemplung kalen, timbang golek alung balen yo Dhe" aloke Dewan Joko, karo nglirik Dhe Sumar, sing Dudo putune lima.

"Njenengan niku kok wonten mawon mas Joko, mangke sing ngurusi njenengan sak Konco sinten, nek Kulo mboten wangsul," wangsulane Yu Tik diplomatis, koyok wong - wong matoh neng Gedung Dewan kono. 

Dhe Sumar mung mesam - mesem, atine sajak Mak Nyuuss, bareng krungu saurane Yu Tik, ora sido Balen, eh theklek kecemplung kalen Karo tidasane mbiyen, tapi dasar gengsian, Dhe Sumar emboh - emboh biasa ae, padahal atine mumbul - mumbul.

"Wes Yu, Sugeng Riyadi yo, njaluk sepurane sing Akeh, Yen tau nggawe gelamu, gawekno kopi susu yo, Ojo lali rondho royale sak piring," aloke Dhe Sumar.

Cekake, rombongan Dewan Joko langsung lungguh, mbahas urusan - urusan gede, mulai mbahas Stafsus, proyek, sampek pilihan Direktur Utama BUMD, pokoke urusan antep - antep Iki.

"Waduh, Iki pie jarene proyek - proyek angel dikondisikke, liar, ajur - ajuran, fight, ongkok - ongkokan penawaran, kamangka sing wis tahu ngrewangi Bose, wes ntek modal Akeh je, awakmu po gak iso nulungi Leh Mas Joko, Mbah Surip, aku wongmu lho," sambate Dhe Sumar, sajak gelo karo pawongan sing disebutno mau.

"Sabar de..Iki jek transisi, artine Bose rung iso nggulawentah, urung iso mindah - mindah, soale Iki jek tanggungan e APBD tahun wingi, pejabate Yo ijek tahun wingi Leh," saure Dewan Joko.

"Wah..lak alamat Poso neh Iki, lha tapi sing cedak karo Bose, cah anyar - anyar genah wes ntuk gawean kabeh nok, sing lagi ko mbuen ae, Yo kabare malah ngenteki gawe, mosok awak Dewe ditinggal, awakmu tak dadekno Nduwuran mbok sing Das Des ah," aloke Dhe Sumar, nyesekno dada, ngabangno kuping.

"Sing tenang ah Dhe, ombe Sik kopiem, pangan sek Rondo royale, awak Dewe Iki kudu ati - ati, Ojo angger mbengok ae, dilereni bengok - bengok neng WhatsApp, Facebook, bahaya nek kepleset, ya nggak Om Law," saure Mbah Surip.

"Ya..Dhe Sumar, sebaiknya hati - hati kalo gunakan medsos, bisa kena pidana lho, baiknya dibatasi saja, kalo tidak melihat fakta, tidak punya bukti, jangan sekali - sekali ngomong, atau sebarluaskan di medsos, kena Pidana ITE nanti," jelase Om Law, biasa nganggo bahasa Indonesia. (Rome) 

Posting Komentar

0 Komentar