IKLAN




 

Ngenteni Srengenge Taun Anyar


Pagebluk Sak Ndonya
BLORA, ME - Nek ngilingi taun sing lagi wae arep ganti iki, Jian ati iki tratapan, akeh wong pinter ndue panemu, yen taun 2020 Iki, taun kalabendhu, tahun puter giling, kanggo ngelingno menungsa Yen wes tumindak dagsiya karo sapada - padane, mulane entuk walesane lan pengiling - iling teka Gusti Sing Murbeng Dumadi. Yen Ono sing paling Kuasa lan Paling Kuat, buktine Gusti Allah paring pageblug, ora main - main pagebluk ning sadonya, sing bentuke gak ketok mata, ngerti - ngerti wong sing kenek do ambyuk, banjur tilar Donya, jumlahe jutaan uwong.

Mahluk sing gak ketok mata iku, jenenge virus Corona, sing disingkat Covid 19. Mula tekane virus Iki, ko negara China, Wuhan, diarani lara pilek lan watuk biasa, ditemokno dokter, iku virus anyar teko penyakit SARS, utawa flu burung, sing pernah nyerang sadurunge nanging gak geget koyo ngene. Pemerintah China maune Yo gak percaya, Ono virus Corona Iki, sampek Dokter sing nemokno tilar ndonya merga ketularan virus Iki. Wes bares wae, maune akeh wong nganggep yen virus Corona iku, rekadaya Negara China, malah Ono Presiden sing due panemu yen iku senjata rahasia sing bocor, utawa dibocorno, kanggo nyerang negara liyane. 

Sansaya geget neh, ditambah isu iku kanggo nguwasani produk obate virus, utawa sing disebut vaksin. Ibarate digambarke koyo film - film Hollywood, persaingan senjata biologi, kanggo njajah negara liyo, nguwasani ekonomi negara liyo. Wes bares wae, saking cepete virus iku nyebar neng sak Donya, lan jutaan wong sing wis tilar donya. Kabeh negara, kaget, banjur nutup negarane, sing mlebu ora oleh metu, seng metu ora oleh mlebu, dikunci kabeh, semono ugo Indonesia, gelagapan, sekolah dipreini, mergawe neng omah wae, ora oleh kumpulan, kudu nganggo masker Yen metu omah, gak Ono pembangunan, Kabeh duik nggo nutupi butuhan kesehatan, pabrik - pabrik ditutup, amarga nggawe barang yo percuma, soale ora iso didol, akhire ekonomi anjlok kabeh, sampek meh tutup taun Iki durung ono tambane.

Ngerti Nasibe Rakyat
Nek ngilingi taun sing lagi wae arep ganti iki, ndelok anak mung glimbang glimbung, dolanan hape, sekolah neng omah, ora ketemu kanca - kancane, ora ketemu gurune, ketemune mung ibu bapake, karo adhine, kadang dolan sedelok neng gak oleh adoh ko omah. Durung urusan bapak ibune, umpomo pegawe ngunu enak, jek iso nyorek ben sasine, tapi pie nasibe sing swastanan, sing dodolan, korban pedhot gawe, tukang becak, tukang ojek, kuli bangunan, wartawan ae klimpungan. Nanging, tujune Negara ngerti, negara mbantu susahe wong kabeh, ra ketang sithik, kanggo urip sesasi rong sasi, nganti seprene. Negara nekat bangkrut - bangkrutan supoyo rakyate terjamin uripe, lan kesehatane. 

Neng Yo memang gak ono kabeh iku, ditompo apik, ditompo bener, rakyate kon nglakoni 3 M, Menterine Sosial malah nyethet 17 M. Jian, edian tenan, rakyate lemes - lemes, dekne malah ringkes - ringkes, untunge wes diringkesi disik karo KPK. Presiden gemes, anak buahe wani nekat nyubles, khianat karo rakyate sing lagi mules. Urusan iku wes diatasi, ganti urusan Ormas sing ngaku - ngaku ndue lawange surga, ndue kaplingan surga, umpak - umpakan, gembar gembor koyok wes paling matoh dewe, bareng dirangket, ora suwe grupe dibubarno. Jare pak Komisaris Jendral Polisi sing asli Blora, arep dadi opo negara Iki, nek grup ngono iku diumbarke AE! Mugo - mugo Karo ngenteni Srengenge Taun Anyar, Indonesia balik waras, seger, lan kinormat. PANCASIlA ABADI! NKRI HARGA MATI!!!! (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar