IKLAN




 

Lomba Saweran Pilkada Di Mulai

Nyedhaki dino coblosan, Dhe Sumar geget nelpon ngalor ngidul nakonke tim e, kadang bathuke dicekeli, kadang muring - muring sing ditelpon, terus kadang ngguya ngguyu Dewe. Yu Tik sing nduwe warung melu nggumun, gak biasane dekne dicueki karo Dhe Sumar.

"Geneyo Dhe Sumar kok ngenengke aku Yo, biasane seneng nggoda aku lho, opo dekne bales dendam Yo, masalah e gak pernah tak gatekke, Saiki dekne dadi wong penting, sibuk terus, ah kenopo aku dadi nggatekno dekne Yo," suarane Yu Tik neng njero ati.

Karo nglirik, Yu Tik ndelokno solah tingkahe Dhe Sumar, lagi njelasno taktik lan strategi, nggo menangno calon sing dadi jagone.

"Pokoke pesthekno iku, piro seng didumno musuhe awak e Dewe, mesthi diundhaki karo Jagoku, kadung njegur, kalah cacak, menang cacak, Ojo sampek mundur, opo neh kok kianat," aloke Dhe Sumar neng telpon.

Sing ditelpon Yo gak kalah gegete, ngomong nek wilayahe diacak - acak karo Momon, ora liyo timses musuhe, gak trimo musuhan neng Pilkada, pengen ngrebut atine Yu Tik ugo Momon sing dadi Alang - alange.

"Lha Iki pie Boss, Mas Momon yo biantere mboh lho, olehe andum, wong - wongku akeh sing kenek godhane, janjine nek jagone dadi rep digawekke lapangan bal, komplit sak seragam sepatune, cah nom - nom langsung nyaut," saure ko telpon.

Dhe Sumar sajak emosi, krungu Momon njlajah wong - wonge, sing roto - roto cah nom - noman iku. Lapangan Bal sak seragame pancen angen - angene cah nom Desane, sing cah nom wedok dijanjeni, arep digolekno gawean neng pabrik garmen, teko investor jagone nek menang.

"Jian, Momon kok Alang - alangi aku terus, ora neng kene, ora neng kono, kok kudu nyaingi aku, kudu laporan Iki, sawerane kudu diundhakno, sak nduwure jagone Momon, nek pengen menang, kudu tak telpon Iki Bosku, Halo..halo Boss, Iki kudu mbok tambahi lho, musuhe gegete mboh, pie..pie..duike ntek?!! aloke Dhe Sumar sajak lemes, bareng entuk kabar duike Bose wis entek, gak kuat nututi musuhe

"Tipas aku Muni losss..jebule malah doll, Piye Iki,?!! aloke Dhe Sumar, ngresulo.(Rome)


Posting Komentar

0 Komentar