IKLAN




 

Rame - Rame Ngomongke mBlora

"Bangeten..jian nekad tenan...kok kendel men, ASN kok melok rapat Timses iku pie Leh, ngono Yo ngono, mbok Ojo ngono lho.." gremenge Dhe Sumar, karo ndelok kiriman video yel - yel Timses Calon Bupati lan Wakil Bupati.

Bengi iku warunge Yu Tik, jian rame tenan kabeh kursi kebak wong, jejer ora ono jarake blas, udat udut karo nyruput kopi, nanging gak ono suarane, anargo do iwut ndelok hapene dewe - dewe. Krungu suarane Dhe Sumar do kaget, terus ngewasno Dhe Sumar seng lagi ndelok video kiriman mau.

Yu Tik, sing nduwe warung melu kaget, banjur metu marani Dhe Sumar lan takon, ngerti diparani gantholane ati, Dhe Sumar langsung pasang aksi, hapene diadohke, karo ngewaske sajak ono sing wigati.

"Ono opo to Dhe, warung mau sepi - sepi ae, koyok ono gludhug ketigo, awakmu muring - muring dhewe, ngomong dhewe, neng ngarep Hape, Ono opo, kopine paiten tah?" takone Yu Tik, alus merak ati, karo nyedhaki lungguh njejeri Dhe Sumar.

Mak jleb, Dhe Sumar koyok kethek dirawe, mbingungi dhewe, arep nyumet rokok keliru gabuse sing diobong, jian Dhe Sumar wis ketaman asmara tenan. Dhudho anak limo iku, gagenan nenangno atine, mepeti Yu Tik, Rondho anyaran ditinggal lungo.

"Iki lho Dek...eh...Yu...Iki lho aku ntuk kiriman video rapat Timses, bar rapat trus di gawe video, yel - yel ndukung jagone, lha kok ono Dhek Tris, ASN melu neng rapat iku, melu yel - yel, wah...Jian Iki marake rame lho," saure Dhe Sumar, karo ngemut gedhang goreng panas mongah- mongah, Ter - terane Yu Tik, karo ndudohke hapene.

"Walaaah Iyo, Dhek Triiss, masio ndelik iseh ketok baguse wong iku Yo Dhe," saure Yu Tik bareng ngerti video sing ono Dhek Tris, ASN.

Byaaarrr...atine Dhe Sumar koyok disuntak banyu panas, pengene ngomongke politik Karo Yu Tik ben dianggep wong pinter, jebule Yu Tik, malah ngomong nek Dhek Tris ASN nggantheng.

"Oalah dek...deek..sampek kapan koe ngerti atiku Iki to deek..deek...yo wes aku tak balik ae..timbang loru atiku terus," saure Dhe Sumar, Karo ngetokno duik sepuluh ewu, nggo mbayar kopi karo gedhang goreng sing diemut panas - panas. Yu Tik yo mung mlenggong, koyo gak mudeng.

"Ono opoe Dhe Sumar kok malah balik, Karo sajake muring - muring, muring - muring karo hapene mau yo,?" batine Yu Tik. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar