IKLAN




 

Hukum Model Opo Iki?

Warunge Yu Tik, bengi iku geger, ngrembuk perkara gelutan Guru Ngaji neng desane, mau awan. Urusan tanah sing nggarai gegeran trus do gelut, antem - anteman. Pisuh - pisuhan, bangsane sato kewan ditokno kabeh, koyo - koyo ra ono manfaate Kitab Qur'an sak mbendinane diwoco lan diajarke neng muride.

"Iki pie, jarene Guru Ngaji, Panutan Agama malah do gelutan, oyok - oyokan omah gebyok, sampek tekan Lapor Pulisi bereng, mosok gak iso dirembug apik - apikan eh Yo..Yo..trus muride pie ngunu iku, nek ditiru kan ora pantes," omonge Dhe Sumar, ngenteni kopi kothok pait senengane.

Mas Momon kancane sak pejagongan banjur nyauri, mula bukane utowo "motif " kedadeane gelut mau isuk, neng tanahe Kyai Jayen, sing ndue Pondok Pesantren gede neng tlatah Desa.

"Jan - jane iku masalah suwe, tanah e Mbah Parmi dituku Kyai Jayen, trus disertipikatno walik nama dadi nggone Kyai Jayen, nanging neng nduwur tanah iku ono omah, masiyo bobrok, ora ndang dipindah, padahal wes dituku, lan disertipikatno, dimbarke suwe dinggoni Kaji Tahan, seng rumongso iku omahe, tinggalane Mbahe, padahal tanah sak omahe wes didol Mbahe, dituku Kyai Jayen, lha mau isuk dadi geger genjik, gelut udan pisuhan, Iki jare lho yo," saure Mas Momon, karo nyumet rokok "Maraidobos" senengane.

De Sumar, nyawangno ulate Mas Momon sajak ora seneng, nanging nggatekke banget, masalahe wong loro, podo Kajine sing bar gelut iku, tanggane kabeh, panutane warga Desa kabeh, Kyai Jayen, Pengasuh Pondok lan Kaji Tahan, mantan Dewan seng ko Desa kono, tur maneh tunggal Partai, sinambi nyruput kopine, karo nyawel Rondo Royal wes entek telu.

Let sedelok, Om Law, teko neng warung karo kanca - kancane, Pengacara ko kutho Kabupaten, wong papat lungguh sak mejo, adhep - adhepan, karo njejer map putih sing tulisane Kantor Pengacara. Yu Tik, gagenan ngampiri, trus towo - towo ngombe, karo ngelungke piring, isi jajan gorengan Rondo Royal anget.

"Monggo dhaharane jajan Rondo Royal anget mas, ngunjuke nopo, kopi nopo teh, nopo susu," takone alus, rodo kemayu, maklum tamune bengi iku, wong ganteng - ganteng, gagah tur wangi, kancane Om Law, trus disauri salah sijine, sing awake paling gede dewe, "Kopi hitam pait ya, gulanya dikit saja," saure.

Pengacara sing awake paling gede dewe mbuka rapat neng warung kopine Yu Tik, ketone ulate do gregeten lan mangkel. Semono ugo Om Law, siji mboko siji, mripate mriksa surat - surat sing diwenei klien, surat - surat ko Kyai Jayen.

"Penanganan kasus klien kita banyak kejanggalan, mengapa laporan klien kita tidak ditindaklanjuti, seharusnya pihak lawan harus diperiksa juga, karena laporan kita sudah masuk, bahkan beberapa bulan yang lalu, tanpa kita dampingi, kemudian seminggu yang lalu kita laporkan juga, bersama kita, sesuai Peraturan Kapolri, pemeriksaan harus dilakukan tiga hari setelah laporan dimasukkan, ini jelas aneh, ada apa ini, ini harus segera disikapi?" takone serius neng kancane.

Sawise mriksa surat - surat, Om Law banjur ngunjal ambegan, keluk udut metu seko irunge, koyok bantheng keraton. Om Law, Ketua Tim Pengacarane Kyai Jayen, mbeberno, surat - surat iku. Mas Momon karo Dhe Sumar, seng lungguh ora pati adoh, melu ngematno, polahe Tim Pengacara Kyai Jayen iku.

"Kita harus desak, Kepolisian untuk segera memeriksa terlapor, karena ada unsur dugaan tindak pidana yang dilakukan oleh terlapor, dan dia lebih berat, tapi kok tidak segera diproses, hukum macam apa ini, dalam menangani kasus, mereka banyak melanggar Perkap,  kita laporkan, untuk mendapatkan pengawasan dari Atasannya, termasuk Propam, kita segera laporkan kesana," tuture Om Law, teges mandes.

Dhe Sumar karo Mas Momon pandeng - pandengan, banjur ngomong bareng sajak sarujuk karo omonge Om Law.

"Hukum macam apa ini, Hukum model opo Iki!" saure sakloron kanthi alon, sajak mudeng karo karepe. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar