IKLAN




 

Geger Wonorejo, Salahe Sopo?

 

Dhe Sumar dheleg - dheleg neng pojokan omahe, Wonorejo. Telungpuluh taun ngenteni status tanah eks alas Wonorejo, supoyo iso disertipikatno, koyone buntu maneh. Bolak balik neng Kabupaten ora tau ketemu karo Kanjeng Adipati. Yu Tik, bojone seng wes puluhan tahun ugo, ngancani neng omah, seng ngadek neng nduwur tanah  negara iku, sajake melu sedeh, ndelokno ulat peteng Dhe Sumar.
"Kopine selak adhem lho pak, mbok ndang diombe, iku telone godhog Yo jek kemebul, kok mung mbok sawang ae, kenopo to Pak, angger bar ko Kadipaten kok sajak peteng uletmu," takone Yu Tik nrithik neng alus.

Udut lintingan mbako kemebul menduwur, keluke nutupi raine, seng wes ketok sansoyo tuwo, Dhe Sumar, unjal ambegan karo nyawang kopi lan telo neng ngarepe seng kemebul, anget panas sajak ede - ede. Nanging Dhe Sumar milih nyesep mbakone karo ngudoroso mangkel.

"Wes suwe aku wira - wiri neng Kadipaten karo tangga - tanggane dewe, njaluk status tanah awake dewe, supoyo iso disertipikatno, gak tahu digabres Kanjeng Adipati Bu, wonge lungo neng Gubernuran ngurusi calonan ngarep, sampek kapan awak dewe koyo ngene yo Bune, urip neng tanahe Gusti Allah kok diangel - angel, koyo ngene," tratapane Dhe Sumar.

Sajak ngerteni ngresiki e seng lanang, Yu Tik nyedhaki, karo ngeler kopi neng lepek, trus dikekno bojone, kopi seng kemebul iku disebuli sedelok, ben rodo adem tur ambune ben iso ngedemke pikir.

"Wes iki diombe sek pak, tenangno awakmu, pasrahno, awak dewe Iki mung wayang pak, kabeh kari Dhalange, soal tanah iki ra sah digatekno nemen - nemen, wong suk nek awak dewe mati, Yo ra nggowo pak, Yo Ra marisno wong yo ra nduwe anak, putu, ben wae poro Nayoko Projo ora ngerti awake dewe, Yo ben, wong dekne nek mati Yo podo wae kok, ora nggowo opo - opo, mung kain, karo pethi, karo tanah urugan dewe, neng ngarepe Gusti Allah kabeh podo Pakne, mung amale dewe - dewe seng dietung," ujare Yu Tik negeske.

Dhe Sumar, nyawang bojone karo nyruput kopine, trus nyawel telo neng piring ngarepe, sajake rodo adhem pikire ngrungokno panemune bojone, nanging isih pingin mbantah sitik.

"Iku lak awake dewe, seng ra nduwe anak putu, lha seng koyo Dhe Jum, kae rondho anak telu, Mbah Marmo, anake limo, trus liya - liyane, seng neng Tegalrejo, Jatirejo Karo Sarirejo, ewon cacahe, trus nasibe pie, awak dewe memang pasrah, neng Yo kudu usaha, kanggo masa depane anak putu Sik mbene, Negoro ndue toto, tapi nek notone gak bener yo kudu dibenerno, ora dupeh nduwe kuwoso trus sak kepenake dewe Bune," omonge Dhe Sumar nggenahno.

Yu Tik karo Dhe Sumar iku contone wong cilik seng ngresulo, wes telungpuluhan taun, ngenggoni tanah Wonorejo, nanging sampek seprene urung jelas, iso nduweni opo orane, amarga Kanjeng Adipati ora wani ngeculke tanah seng jarene temokan iku, jare temokan kok ngijoli? Trus nagih janji Kanjeng Adipati, jarene mbiyen rep diudari masalah tanah Wonorejo, nanging nganti seprene, wes rep ntek janjine, durung ono bukti. Wonorejo geger, salahe sopo? (Rome)

Posting Komentar

1 Komentar

  1. Alloohu laa ilaaha illaa huwal hayyul qoyyuum, laa ta’khudzuhuu sinatuw walaa naum. Lahuu maa fissamaawaati wa maa fil ardli man dzal ladzii yasyfa’u ‘indahuu illaa biidznih, ya’lamu maa baina aidiihim wamaa kholfahum wa laa yuhiithuuna bisyai’im min ‘ilmihii illaa bimaa syaa’ wasi’a kursiyyuhus samaawaati wal ardlo walaa ya’uuduhuu hifdhuhumaa wahuwal ‘aliyyul ‘adhiim

    Ya hayyu ya qoyyuum, ya badi’as-samaawati wal ardhi, ya dzal jalali wal ikram. As-aluka bihaqqi hadzihil ayatil karimati wama fiha minal asmail 'azhiimati an tuljima fahu 'anna, wa tukhrisa lisanahu hatta la yanthiqu illa bi khoirin au yashmut. Khairuka ya hadza baina 'ainaika wa syarruka tahta qadamaika.

    BalasHapus