IKLAN




 

Geger Bupati Kuncara

Malem Minggu, warunge Yu Tik ramene gak kantenan, ora koyo biasane, sajak ono kawigaten penting, sing arep dirembug para sesepuh neng warung kopi pinggir desa iku. Ono Dhe Sumar, pelanggan setia, Mas Momon, pengamat politik kelas warung kopi, Lik Mantri Alas, Mas Joko pensiunan staf DPRD, karo Om Low, Pengacara sing gak tau sidang, mergo kalah julig karo strategi "86", "Ada uang kasus menghilang," jarene Om Low.

"Wah geger Iki, Kanjenge diprikso KPK, padahal iku kedadeane tahun 2008 lho, wes suwe banget, Iki jelas politis, soale nyedhaki, Pilkada, Iki merugikan Buk'e sing arep maju ngganteni Kanjenge," ndremimile Mas Momon, mbukak omongan.

Dhe Sumar, karo udutan sinambi nyruput kopi trus unjal ambegan, ora lali nyawel rondho royal anget, gorengan khas warunge Yu Tik, sing akeh penggemare.

"Halah ben kono, wong lagi saksi wae kok, iku urusan e KPK dewe Mas Momon, gak ono hubungane karo Pilkada..opo neh pengen njegal calonane Bojone, kita serahkan pada hukum, nggih nopo mboten Om Low," saure Dhe Sumar sajak ngece Mas Momon, sing gak nggatekno Dhe Sumar, malah ndeloki YouTube, Kanjeng  Bupati diwawancarai Wartawan Jakarta neng KPK.

"Waduh, kudune Kanjenge gak njawab kurang tahu, kudune tegas, nggak tahu, mungkin karena gugup diuleng wartawan sak mono akehe, dadi bingung njawab, wah pripun niki kajian hukume Om Low, njenengan kan Pengacara..? takone Mas Momon neng Om Low.

"Wah saya nggak bisa komentar, nggak bisa beri advis, karena tidak ada kuasa kepada saya, kalo saya ditunjuk sebagai kuasa hukumnya, akan saya bedah kasusnya, konstruksi peristiwa hukumnya, baru kita bisa menarik kesimpulan, bagaimana strategi pembelaan, karena meskipun sebagai saksi, bisa dikembangkan oleh Penyidik KPK, hingga menjadi Tersangka, itu banyak terjadi saksi naik menjadi tersangka," jawabe Om Law, koyo biasane  nganggo Bahasa Indonesia, intelek.

Mas Momon penasaran, karo jawabane Om Law, terus nggudak takon, sajak serius, maklum Mas Momon iku Tim Ses e Buk'e.

"Opo iku gak Politis yo Om Law, kenapa saiki, lagi diurus, wah ojo - ojo iki permainan e musuhe, politik kotor," saure Mas Momon.

Om Law kanti tenang, nyumet udute, trus ngebulke keluk bunder dadi huruf O, nyimak omongane Mas Momon, sing sajak gak trimo Kanjenge diprikso KPK.

"Jadi begini, Mas Momon, KPK memanggil Kanjenge itu bukan karena pesanan siapapun, tapi karena hasil pengembangan pemeriksaan kepada tersangka para Direktur itu, dalam pemeriksaan itu, tersebut nama Kanjenge, maka KPK memeriksa setiap informasi atau data dari hasil pemeriksaan penyidik, untuk digali lebih dalam, jadi kita serahkan saja pada  hukum, karena hukum itu sifatnya adalah Equality be for The Law, didepan hukum semua sama, mau tukang becak sampai Presiden, semua sama, tidak ada yang kebal hukum," saure Om Law.

Mas Joko, pensiunan DPRD melu nyauri Mas Momon, supoyo ora nggowo - nggowo politik Pilkada, lan nyebar informasi sing salah, supoyo masyarakat cilik ora gegeran, diadu domba antar pendukung.

"Iyo Mas Momon, Ojo gawe crito sing gak bener, ben iku diurus karo hukum, Kanjenge yo berhak dibela, mulane kudu nunjuk Pengacara, sing paham bener soal iku, ora angger ae, proses hukum berjalan, Pilkada tetep jalan, kampanye Buk'e blusukan yo tenang, ojo dieron - eroni, intine wong becik ketitik, wong olo ketoro," saure Mas Joko. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar