IKLAN




 

Dalan Lan Banyu

Dening : Santoso Budi Susetyo


Mas Giyo sing dadi rerasanan kawit isuk wis ketok mara warung.  Tekane  ora saka omah nanging saka dalan arah sawah.

“Dungaren mas yah mene kok lagi marung?” Lek Eksan tekon karo mas Giyo sing lagi mapan lungguh.

“Esuk-esuk wis soko sawah ono opo mas?” Durung dijawab lek Eksan neruske olehe takon.

Sakwise pesen kopi, mas Giyo semaur “Ngecek sumur tengah sawah”.                          Kabeh sing ana ning  warung wis  paham sing dimaksud sumur tengah sawah.  

Wis ana limang taun iki warga rong RT dukuhan iki akeh sing entuk manfaat soko Jaringan Air Bersih sing dibangun kanti swadaya masyarakat. Sakliyane urunan lan entuk donatur pembangunane uga nate entuk dana saka provinsi lan dana CSR Pegadaian.

Biyen, sakdurunge ana Jaringan banyu iki, angger mlebu wayah ketiga ora suwe mesti akeh warga golek banyu nganti metu kampung. Ora sitik sing jupuk banyu numpak sepeda motor. Malah yen ketiga dowo ora sitik sing direwangi antri banyu nganti wengi. Pancen rasane rekasa yen larang banyu amarga banyu kuwi kebutuhan pokok, saben dina butuh banyu kanggo ngombe, adus, masak, umbah-umbah lan liya-liyane. Ana unen-unen, ora duwe duwit isa utang tapi yen ora duwe banyu durung  ana ceritane utang banyu.

Amarga awale swadaya, jaringan banyu iki digawe kanti teknologi sederhana sing tepat guna lan tepat sasaran.  Biaya dadi rada akeh amerga sumber sing rada gedhe anane ning tengah sawah. Jarake setengah kilo saka kampung. Panggon sumber  digawe sumur jobin cacahe loro disedot nganggo sanyo cilik, ora mesin diesel, amerga pancen sumbere ora  gedhe. Diunggahke tampungan nembe disalurke mara tampungan sing manggon ning kampung banjur disalurke mlebu omah warga. 

Kanti menejemen kang apik saluran banyu iki iso lestari nganti dina iki. Biaya murah iso entuk banyu resik kanti gampang. Warga sing langganan mung ditarik rega rong ewu rupiah per kubik ditambah biaya langganan limang ewu rupiah.

“Ana sing rusak piye mas?” kang Darno nyaut tekon. 

“Ora, aku mung delok banyu ning sumur isih pirang deker” mas Giyo nyauri nyambi nyebul ngetoke keluk rokok. Mas Giyo pancen dipercoyo dadi pengarep sing ngurusi saluran banyu iki. Narik iuran, bayar listrik lan perawatan yen ana kerusakan.

Ora maido yen mangsa ketiga ngene iki ana rasa kuatir banyune ora nyukupi kanggo kebutuhan warga. Taun wingi amarga ketiga dawa warga rada kangelan golek banyu, sumber banyune dadi telat. 

“Jago Bupatiem slogan kampanyene apik mas, mbangun dalane dadi alus banyune lancar terus” lek Eksan nggathukke karo slogan kampanyene calon Bupati mas Arief Rohman sing pancen meneri pas karo babagan sing lagi dadi obrolan ning warung esuk iki.                                                                      “Andara jagone wong kene kabeh leh, wong wingi nyatane pak Budi ning kene pemilu wingi menang  mutlak” saurane mas Giyo ketok semangat. 

Sopo wae ngerti yen mas Giyo iki ibarate tangan kanane mas Budi DPR . Biasane sing mandegane tim sukses  ning kampung iki uga mas Giyo. Sing masang  gambar baliho mas Arief cedhak warung  yu Temok uga dipasrahke deweke.

Tembung  “mBangun dalan dadi alus, Banyune lancar terus” sing dadi slogan kampanye mas Arief iki rasane pancen cocok karo sing dadi arep-arepe mayoritas masyarakat Blora. Perkara dalan lan banyu iki kepingine supaya enggal ditandangi dibangun kanti nyata.

Akeh akses dalan sing rusak lan durung dibangun. Ora maido yen nganti ana sing nyindir nganggo tembung “Jeglongan Sewu”. Opo maneh sing masuk kawasan hutan malah sansaya prihatin.  Padahal dalan yen alus iku iso marai lancar roda ekonomi. 

Saben mangsa ketiga akeh wilayah lan desa kekeringan uga angel banyu. Kaya dadi masalah taunan nanging nyatane penanganane durung jelas. Kudune golek solusi sing kanggo sakteruse ora mung andum banyu tangkinan sing ngatasi masalah sak kepyakan.

“Mengko mung kampanyene thok mas..?!” Pakdhe Damin melu nyaut tekon kaya semu ora percaya. Ngadepi respon ngene iki kanggone mas Giyo wis biasa.                          “Aku wingi bar ketemu pak Budi dhe..aku wis takon alasane dukung mas Arief” karo ngunus udud mas Giyo mulai jelasake.                                                                                               “Intine manteb dukung  amarga percaya yen mas Arief duwe visi kanggo Blora, sakwise dadi bupati duwe arah sing jelas arep dipiyekno, diparakno ning endi kabupaten sing sakjane sugih iki, dadi ora asal dadi bupati apa maneh dadi bupati asal he he..” mas Giyo neruske olehe nanggapi. 

“Yen soal dalan lan banyu iku pancen dadi sing mendesak ditandangi tapi tetep karo nandangi gawean liyane kanggo nyejahterake masyarakat misale lapangan pekerjaan lan pertanian” wong sak warung ora ono sing cemuwit, meneng ngrungoake.

“Mantul penjelasane mas Giyo, dadi manteb dukung, muga-muga mas Arief dadi bupati Blora” lek Eksan nyaut ketok semangat.

Posting Komentar

0 Komentar