IKLAN




 

Jago Ketelu Jek Muleg?

Dhe Sumar isuk - isuk wes geget saur manuk karo Mas Momon, neng warung kopi Yu Tik. Wong loro, geger mbahas jago ketelu seng arep melu nyalon Bupati lan Wakil Bupati suk tanggal 9 Desember 2020. Loro karone koyok "Pengamat Politik" seng terkenal neng siaran TV, sijine kiblat Burhanudin Muhtadi, sijine koyo Denny JA.
"Mas, jagomu sopo sing maju neng poros ketelu Iki, ono Dik Sus Golkar, Pak Kaji Bambang Demokrat, Kyai Abu PPP, trus ono Mas Edi Hanura, sopo seng cocok dadi Bupati sopo seng Wakil, iku Bos Partai Kabeh lho," omongane De Sumar kemriyek, neng Mas Momon, sing lagi asik nyruput kopi Ireng pait, tanpo gulo, soale wedi kenek penyakit gulo.

Mas Momon, dasar wonge tenang, ora langsung njawab, ijeh ndudut rokok, disumet, dikebulno neng raine De Sumar rupane nggondhikno tenan, sajak ngece. Ora ndang njawab malah mbengoki bakul kopi, njaluk godres, karo tahu.

"Yu Tik, jak e godresem karo tahu gowo rene, sitok sitok ae, tak ngladeni De Sumar, debat calon ketelu iki lho, nek ono nyamikan karo udutan, ngopi lak genah, ben ora diarani tukaran karo wong lewat," bengoke Mas Momon, tanpo nyawang De Sumar sing neng ngarepe, jelas ulate ngece De Sumar.

Sak wise nggadho godres karo nyruput kopine sing jek kemebul, Mas Momon nyawang De Sumar, sing sajake ora sabar ngenteni, kojahe Mas Momon soal Calon Ketelu.

"Ngene Dhe Sumar, sampek saiki calon ketelu jek mulek, Partai iki do ubyang ubyung, tapi rung jelas, sido gabung pora, opo iku jenenge koalisi yo, lha umpomo sido koalisi opo yo disetujoni karo Pusate, wong seng wes ono, iki mesthi yo tetep nglobi Pusate supoyo gelem melu koalisi sing wes karoan, politik iku angil De, ora angger," jlentrehe Mas Momon, karo ngebulno rokoke merk Maraiboros.

De Sumar ora kurang akal, ijeh wani nglawan panemune Mas Momon, mergawe dekne rumongso cedhak karo poro Bos Partai iku, trus njlentrehno alesane.

"Nyatane, sampek seprene durung gelem melu calon sing ono ngunu kok, Mas Momon, Iki wes tenanan mas, wes dadi poros ketelu, nanging jagone sopo iki jek digodhok, dimatengno sek, sopo sing Bupatine, sopo Wakile, Iki ngko ntuk opo, iku ntuk kompensasi opo, kudu dibahas, padhang njobo, padhang njero, iku kuncine nteni ah," upruse De Sumar, ora kalah, karo nyawel gedhang goreng, nyruput kopi, karo udat udut njedhal njedhal, trus nyeceg rokoke, umpomo dipilmno persis koyok shooting rapat film G30S, karya Sutradara Arifin C Noor, sing wes almarhum kae. 

Sajake Mas Momon yo durung sarujuk, karo panemune De Sumar, analisa - analisa ditokno, itung - itungane, sampek isu - isu dosa ciloko siji lan sijine, diundamana, saur manuk, entek ngamek, kurang golek, do pinter pinteran dewe, akhire Yu Tik seng misah, ngomong nek warung e wes arep tutupan, wes meh Maghrib.

"Mas Momon, De Sumar, gek leren sik, Iki warung rep tak tutup, aku pe mulih, ditutukno sesok Yo, isih ono dino, saiki itungane, kopi, rokok, jajan, karo mangane," saure Yu Tik, dibanterno neng ngarepe wong loro iku. Spontan wong loro yo njawab, meh bareng. "Utaaang sik Yuu!!" (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar