IKLAN




 

PETANI TANGGUH


Dening : Santoso Budi Susetyo, SSos

Santoso Budi Susetyo
Anggota DPRD PKS Blora
Seminggu kepungkur, kancaku sing petani dolan ning omahku. Ora lali aku dicangkingke oleh-oleh kates rong iji. Pancen wis dadi kebiasaane yen duwe panenan saka sawah, tegal lan kebone aku melu ”kecipratan”. Usum jagung, digawakke sing gemakar, usum tomat lan lombok digawake  dienggo masak. Pokoke ora ketang sithik aku melu ngrasakke hasil pertaniane.

Aku termasuk seneng kates. Isa diarani sabendina ana cawisan ning omah. Aku percaya uwoh sugih  kandungan serat lan vitamine. Wis ana telung sasi iki uwoh kates jumlahe melimpah. Ning pasar uga ning pinggir dalan akeh sing dodol. Ana sing nawakke lewat online, biasane nganggo Facebook. Amarga lagi medhoh regane dadi murah.  Aku dadi kelingan apa sing diomongke kancaku iki, jare ngene iki cara hukum ekonomi, supply luwih akeh tinimbang demand. Barange luwih akih tinimbang kebutuhan

Aja padha kaget karo kancaku siji iki yen omong kadhang  nganggo istilah asing sing ketok ndakik-ndakik , tapi ya ora maido senajan petani tapi gelem maca lan up date berita. Kawit isih legan utawa bujang , dadi petani wis dadi pilihane artine ora amarga kepeksa ora ana gawean. Dheweke yakin dadi petani iku gawean kang aji lan mulya, ora kudu dadi pegawai. Mula ana unen-unen “sing isa mangan ora mung pegawai”.

Kanggo nambah wawasan lan kekancan utawa jaringan senajan petani dheweke melu seminar lan mlebu group-group bisnis lan pertanian. Intine dadi petani kudu sing melek informasi, kreatif lan inovatif.

Sekali tempo dheweke nandur sing ora umum ditandur akehe wong tani. Jaman biyen awal-awal  nglakoni ngono iku dadi rerasanan. Tapi Alhamdulillah nyatane kasil, ngepasi panen larang regane. Contone  nandur  Sawi, sing ora umum ning tlatah Blora. Kok wani?  Kandhane  Amarga wis mretungke musim lan kebutuhan pasar.

Saben dina akeh tamu teka ning omahe, sekaliyane tuku bibit lan obat pertanian uga konsultasi masalah pertanian. Ning pasar ora ketang cilik dheweke buka toko pertanian. Sing dadi andalan yaiku dodolan bibit amerga  bibit sing didhedher dhewe.

"Tangkap peluang yang ada" kaya dadi prinsipe. Nyatane sakliyane tekun ning babagan pertanian dheweke uga isa nyambi dagang. Dagang opa wae, soale ana wektu-wektu lodhang, ora akeh gawean ning sawah lan kebon.

Sakliyane nandur bahan pangan lan holti  dheweke uga ngopeni tanduran buah. Saiki wit kates lan gedhang ning kebone ewon cacahe. Wis ana rong sasi iki panen lombok lan terong sing regane lagi ajur mumur. Yen dipetung mesti rugi, kanggo bayari tenaga manen wae nombok. Ora mungkin balik modal. Nanging wis misuwur yen wong tani ora duwe kapok. Nadyan gagal panen, rega anjlok, tetep nandur maneh.

Musim pandemi Covid-19 iki pancen akeh sing "terdampak", semono uga para kadang tani.  Rega hasil pertanian akeh sing  anjlok. Pembatasan sosial sing dadi kebijakan para kepala daerah ndadekake hasil pertanian keganggu pengirimane sakliyane pancen kebutuhan pasar suda ora sithik.

Aku tansah kelingan sing diomongke kancaku sing petani tangguh iki, “Aja gampang ngresula, aja milih-milih gawean, tekun, sabar lan percaya diri”

Muga Allah kang murbeng dumadi tansah maringi berkah kanggo kadang tani uga maringi  enggal ilang wabah Korona iki. Aamiin

Posting Komentar

0 Komentar