IKLAN

Iklan Banner

LUNTURIPUN BASA JAWA, LUNTURIPUN UGI KABUDAYAN Dening: Kristian Anjar – Pamong Budaya


Saminjawa - Basa Jawi kalebet salah satunggaling basa daerah ing Indonesia ingkang gadhah cacahing panutur paling kathah. Nanging mekaring jaman sajroning sawetawis dasawarsa pungkasan nedahaken bilih kadadosan alih basa (language shift) saya cetha, mliginipun wonten ing kalangan generasi enèm. Kadadosan menika boten namung magepokan kaliyan owah-owahan panganggènipun basa, nanging ugi gegayutan kaliyan wiwit lunturipun jatidiri budaya saha nilai-nilai adiluhung, mliginipun tata krama utawi unggah-ungguh ingkang tansah ngrembaka lumantar Basa Jawi.

Kahanan menika boten saged dipunpisahaken saking owah-owahan lingkungan sosial. Wonten ing jagading pendidikan, Basa Indonesia langkung dominan dipunginakaken minangka basa pangantar, dene wonten ing ruang digital masyarakat langkung asring sesambungan ngginakaken Basa Indonesia saha Basa Inggris. Awit saking punika, kaprigelan generasi enèm anggenipun migunakaken Basa Jawi saya kirang. Kathah ingkang taksih saged mangertos, nanging dereng saged ngginakaken kanthi aktif, mliginipun wonten ing tataran basa krama.

Sajatosipun, basa minangka sarana utami kangge sesrawungan saha komunikasi antawisipun manungsa. Lumantar basa, manungsa saged ngaturaken gagasan, raos, ancas, saha mbangun sesambetan sosial kanthi sae. Mila, basa dados piranti ingkang nyawijèkaken pangertosan saha nuwuhaken kasalarasan wonten ing bebrayan.

Saliyane gadhah fungsi minangka piranti komunikasi, basa ugi dados papan kangge nglestantunaken nilai, norma, saha jatidiri satunggaling masyarakat. Pramila, wonten ing tengahing arus globalisasi, basa daerah gadhah kalungguhan ingkang strategis minangka pratandha saha identitas budaya lokal.

Indonesia utawi Nuswantara misuwur minangka nagari ingkang sugih kabudayan. Keragaman suku bangsa, basa, adat istiadat, saha tradhisi dados kasugihan budaya nasional. Miturut amanat Undang-Undang Nomor 5 Taun 2017 babagan Pemajuan Kabudayan, basa kalebet salah satunggaling Objek Pemajuan Kabudayan (OPK) ingkang kedah dipunreksa, dipunkembangaken, saha dipunmanfaataken.

Basa Jawi, minangka salah satunggaling basa daerah kanthi cacah panutur paling kathah sasampunipun Basa Indonesia, gadhah ciri ingkang mligi, inggih menika sistem undha-usuk basa ingkang kapérang dados ngoko, madya, saha krama. Sistem menika boten namung ngatur tata basa utawi pilihan tembung, nanging ugi dados cerminan etika, tata krama, saha pakurmatan wonten ing bebrayan Jawi.

Wonten ing tlatah Jawi, mliginipun Provinsi Jawa Tengah, Basa Jawi ugi gadhah manéka warni dialek utawi logat ingkang béda miturut wewengkonipun. Dialek Banyumasan, Blora, Surakarta, Semarang, saha tlatah sanèsipun nggambaraken kasugihan linguistik ingkang dados pérangan saking warisan budaya ingkang prayogi dipunuri-uri.

Mila, pelestantunan Basa Jawi dados prakawis ingkang wigati sanget. Kajawi minangka amanat Undang-Undang Nomor 5 Taun 2017 babagan Pemajuan Kabudayan, basa ugi dados salah satunggaling pratandha jatidiri budaya bangsa.

Ananging, kasunyatan ing satengahing bebrayan nedahaken bilih panganggènipun Basa Jawi minangka sarana komunikasi saben dinten saya kirang. Kahanan menika nedahaken bilih degradasi kompetensi migunakaken Basa Jawi sampun dados tantangan nyata ing jaman samenika, saéngga mbutuhaken upaya pelestarian ingkang langkung sistematis saha berkelanjutan.

Ningali Kahanan Samenika

Adhedhasar asil pangamatan saha riset ringkes, kahanan panganggènipun Basa Jawi ing satengahing bebrayan samenika nedahaken pratandha ingkang prayogi dipunpratosaken.

Sepisan, ing ranah kulawarga (domestik), kathah tiyang sepuh ingkang langkung remen migunakaken Basa Indonesia nalika sesrawungan kaliyan putra-putrinipun. Alesan ingkang asring dipunaturaken inggih menika supados lare langkung gampil sinau, langkung pinter, saha saged ngimbangi perkembangan jaman.

Kapindho, ing ranah pendidikan, Basa Jawi namung dados mata pelajaran muatan lokal kanthi wekdal winates, rata-rata namung kalih jam saben minggu. Panganggènipun ugi dereng kathah dipunlebetaken minangka basa pangantar wonten ing kegiyatan sinau-mengajar.

Katelu, ing ranah digital, konten kanthi Basa Indonesia saha Basa Inggris langkung nguwaosi manéka warna platform, kados dene TikTok, YouTube, saha gim digital. Akibatipun, wonten sapérangan para mudha ingkang wiwit nganggep Basa Jawi minangka basa ingkang kirang modern utawi kirang nggambaraken citra kekinian.

Kahanan menika nuwuhaken gejala receptive bilingualism, inggih menika tiyang ingkang saged mangertos Basa Jawi, nanging dereng saged migunakaken kanthi aktif wonten ing komunikasi saben dinten, mliginipun nalika ngginakaken basa krama saha ngugemi unggah-ungguh.

Prastawa menika lajeng nuwuhaken pitakenan ingkang wigati: kepriyé kawontenan Basa Jawi rong dasawarsa ingkang badhé rawuh menawi boten wonten upaya pelestarian ingkang sistematis lan berkelanjutan? Lumantar artikel menika, panulis badhé nyobi ngandharaken kahanan degradasi kompetensi migunakaken Basa Jawi ing kalangan generasi enèm, ngrembag faktor-faktor ingkang njalari, saha ngaturaken sawetawis strategi pelestarian ingkang trep kaliyan tantangan jaman digital.

Sawetawis Tuladha Kahanan

Salah satunggaling tuladha kapanggih nalika wonten praktik pasinaon Basa Jawi ing salah satunggaling SMP Negeri ing tlatah Blora. Guru paring tugas dhateng para siswa supados nyuwun idin nyilih buku kanthi migunakaken basa krama alus. Saking sedasa siswa, wolung siswa malah ngendika, "Pak, boleh pinjam buku?" Sasampunipun dipunelingaken supados migunakaken Basa Jawi, jawabanipun namung "Pak, nyuwun... buku." Tembung-tembung kados "nuwun sewu," "kula," utawi "matur nuwun" sampun arang dipunginakaken. Kahanan menika nedahaken bilih kompetensi basa para siswa langkung asipat pasif tinimbang aktif.

Tuladha sanès kadadosan wonten ing salah satunggaling Taman Kanak-kanak ing Blora. Nalika wonten adicara pasamuwan kaliyan wali murid, para siswa dipunaturi nyanyèkaken lagu dolanan "Cublak-Cublak Suweng." Sadèrèngipun nyanyi, guru kedah nerangaken tegesipun tembung-tembung kados "gelenter," "mambu," saha "suweng" awit kathah bocah ingkang dereng mangertos tegesipun. Nanging nalika dipunaturi nyanyèkaken lagu "Baby Shark," meh sedaya bocah sampun apal tanpa alangan.

Kahanan ingkang boten kalah narik kawigatosan ugi kapanggih wonten ing grup WhatsApp kulawarga ageng. Para anggota kulawarga ingkang yuswanipun antawis 20 dumugi 25 taun limrahipun nyerat pawartos kanthi ukara, "Besok ada acara di rumah ya guys." Dene para sepuh ingkang langkung remen maos Basa Jawi asring boten pikantuk kenyamanan ing komunikasi menika. Prastawa kados mekaten saged nuwuhaken jurang komunikasi antargenerasi.

Katiga tuladha menika nedahaken bilih degradasi panganggènipun Basa Jawi boten namung dumados wonten ing satunggal lingkungan kemawon, nanging sampun ngrembaka kanthi sistematis wiwit saking kulawarga, lembaga pendidikan, dumugi ruang digital.

Akibat saha Analisis

Lunturing kompetensi migunakaken Basa Jawi nggadhahi sawetawis implikasi ingkang wigati, inggih menika aspek sosiolinguistik, kabudayan, saha psikologis.

Ing aspek sosiolinguistik, wiwit sirnanipun pangertosan dhateng sistem ngoko, madya, saha krama boten namung nyebabaken ilangipun kosakata, nanging ugi mengaruhi tata krama saha sesambetan sosial. Sistem undha-usuk basa sajatosipun minangka sarana kangge ngatur pakurmatan saha tata sesrawungan antawisipun anggota masyarakat. Menawi sistem menika boten dipunkuwaosi, para mudha badhé limrah migunakaken basa kanthi tataran ingkang sami dhateng sinten kemawon. Akibatipun, raos pakurmatan dhateng tiyang sepuh, guru, saha para pinisepuh saya luntur, lan pola sesambetan sosial saya adoh saking nilai-nilai budaya Jawi.

Ing aspek kabudayan, winatesipun kaprigelan maos saha mangertosi Basa Jawi ndadosaken akses dhateng warisan budaya saya nyuda. Karya sastra, tembang macapat, wayang, serat piwulang, cerkak, saha naskah-naskah klasik limrahipun migunakaken Basa Jawi ing tataran menengah dumugi inggil. Menawi generasi samenika boten saged maos saha mangertosi, warisan budaya menika namung badhé dados pajangan sejarah, boten malih dados pérangan saking gesangipun masyarakat.

Ing aspek psikologis, lunturing Basa Jawi saged nyebabaken generasi enèm kelangan papan kangge ngandharaken raos, guyonan, saha cara mikir ingkang khas Jawi. Basa ibu sajatosipun minangka pondhasining pambentukan jati diri. Menawi pondhasi menika saya ringkih, boten setunggal tiyang ingkang badhé ngraosaken krisis identitas, awit boten rumiyin dados tiyang Jawi kanthi utuh, nanging ugi dereng saged dados masyarakat global kanthi sampurna. Filosofi gesang kados nrima ing pandum utawi alon-alon waton kelakon saya angel dipunmangertosi menawi namung dipunandharaken lumantar Basa Indonesia. Kanthi mekaten, boten namung basa ingkang sirna, nanging ugi cara mikir, tata nilai, saha kawicaksanan lokal masyarakat Jawi.

Analisis Cekak

Degradasi kompetensi migunakaken Basa Jawi boten saged dipunsebabaken namung amargi kirangipun kawigatosan generasi enèm. Kahanan menika sejatosipun minangka akibat saking owah-owahan ekologi basa, inggih menika owahing lingkungan sosial ingkang dados papan tuwuh lan ngrembakanipun sawijining basa. Wonten ing jaman samenika, kulawarga, sekolah, saha media dereng saged nyawisaken ruang ingkang cekap kangge ngrembakakaken panganggènipun Basa Jawi wonten ing gesang padintenan. Menawi kahanan menika boten enggal dipuntanggulangi lumantar program pelestarian ingkang sistematis, dipunkajengaken bilih wonten ing rong dasawarsa salajengipun cacah panutur aktif Basa Jawi, mliginipun ing tataran krama, badhé saya nyuda kanthi signifikan.

Strategi Pelestarian Basa Jawi
Pelestarian Basa Jawi boten saged namung dipunpasrahaken dhateng lembaga pendidikan utawi pamarentah kemawon. Upaya menika kedah dipuntindakaken kanthi sinergis lumantar tigang pilar utama, inggih menika kulawarga, sekolah, saha komunitas digital. Menawi namung satunggal pilar ingkang makarya, asilipun boten badhé maksimal.

1. Pilar Kulawarga: Balekaken Omah Dados Omah Basa

Kulawarga minangka lingkungan pendidikan ingkang sepisanan saha paling wigati tumrap pambentukan kabiasaan basa. Salah satunggaling upaya ingkang saged dipuntindakaken inggih menika lumantar Gerakan Satunggal Jam Basa Jawi, kanthi sesarengan netepaken wekdal tartamtu, kados ta antawis tabuh 18.00 dumugi 19.00, kangge sesrawungan namung migunakaken Basa Jawi. Wonten ing wekdal menika, panganggènipun piranti digital kados telepon genggam utawi televisi prayoginipun dipunwatesi supados komunikasi antawisipun anggota kulawarga saged lumampah kanthi sae.

Para tiyang sepuh ugi prayogi dados tuladha tumrap putra-putrinipun. Konsistensi anggenipun migunakaken Basa Jawi wonten ing griya langkung efektif tinimbang namung maringi dhawuh dhateng lare supados ngginakaken Basa Jawi.

Kajawi punika, budaya nyariosaken dongeng, legenda, utawi crita rakyat kados Rara Jonggrang saha Aji Saka kanthi Basa Jawi saged dipunuri-uri malih minangka sarana nglestantunaken basa saha nglebetaken nilai-nilai budaya dhateng generasi enèm.

2. Pilar Sekolah: Saking Mata Pelajaran Dados Basa Gesang

Sekolah boten namung dados papan sinau tata basa, nanging ugi kedah dados papan ngrembakakaken panganggènipun Basa Jawi wonten ing manéka warna kagiyatan.

Panganggènipun Basa Jawi, mliginipun basa krama, saged dipunlebetaken wonten ing upacara, kegiatan Pramuka, OSIS, lomba pidato, utawi kagiyatan sekolah sanèsipun. Kanthi mekaten, para siswa boten namung sinau teori, nanging ugi saged nindakaken praktik sesrawungan kanthi langsung.

Kurikulum ugi prayogi dipunkembangaken kanthi pendekatan kontekstual. Materi pasinaon boten namung nyinaoni paugeran basa, nanging ugi nglatih para siswa debat, presentasi, saha damel konten kreatif migunakaken Basa Jawi.

Kegiatan ekstrakurikuler berbasis proyek, kados klub pewayangan, karawitan, teater, utawi sastra Basa Jawi, prayogi pikantuk panyengkuyung awujud fasilitas saha pendanaan, supados para siswa rumangsa bilih nguri-uri Basa Jawi ugi saged dados kagiyatan ingkang narik kawigatosan.

3. Pilar Komunitas saha Media Digital: Njawani Teknologi

Kemajuan teknologi boten saged dipunwastani minangka mungsuh, nanging kedah dipundadosaken sarana kangge ngrembakakaken Basa Jawi.

Pramila, pamarentah, donya usaha, saha masyarakat prayogi sesarengan maringi panyengkuyung dhateng para kreator konten ingkang migunakaken Basa Jawi, kados YouTuber, TikToker, podcaster, saha pangripta konten digital sanèsipun. Konten awujud vlog, gim, komedi, musik, utawi media kreatif sanèsipun saged dados sarana efektif kangge narik kawigatosan generasi enèm.

Kajawi punika, kampanye digital lumantar tagar kados #AkuWongJawa saha #OjoLaliJawane saged dipunginakaken kangge nuwuhaken rasa bangga dhateng Basa Jawi. Lomba konten kreatif wonten ing media sosial ugi saged dados salah satunggaling strategi kangge ngrembakakaken panganggènipun Basa Jawi wonten ing ruang digital.

4. Pilar Pamarentah saha Komunitas

Pamarentah daerah saha komunitas budaya gadhah kalungguhan ingkang strategis wonten ing upaya pelestarian Basa Jawi.

Saking aspek kawicaksanan, pamarentah saged maringi apresiasi dhateng masyarakat ingkang gadhah kaprigelan migunakaken Basa Jawi, mliginipun basa krama, kados dene dados nilai tambah wonten ing rekrutmen pegawai kangge jabatan-jabatan tartamtu ingkang gegayutan kaliyan pelayanan publik lan kabudayan.

Kajawi punika, panyelenggaraan Festival Basa Jawi kanthi rutin ugi prayogi dipunlestantunaken. Wujud kagiyatanipun saged awujud lomba pidato, debat, teater, musik, stand-up comedy, rap, utawi manéka warna ekspresi seni sanèsipun kanthi migunakaken Basa Jawi. Kanthi mekaten, Basa Jawi boten namung dipunreksa minangka warisan budaya, nanging ugi saged ngrembaka dados basa ingkang urip, dinamis, lan saged ngetutaken perkembangan jaman.

Prinsip Utama Pelestarian

Prinsip dhasar ingkang kedah dipungugemi ing upaya pelestarian Basa Jawi inggih menika boten nentang modernisasi, nanging ngupados supados proses modernisasi tetep ngugemi nilai-nilai budaya Jawi. Generasi enèm prayogi dipunsiapaken supados trampil migunakaken Basa Inggris minangka sarana komunikasi global, Basa Indonesia minangka basa persatuan bangsa, lan Basa Jawi minangka pratandha jatidiri saha warisan kabudayan.

Sajatosipun, manéka warna program pelestarian Basa Jawi sampun dipunwiwiti déning pamarentah, komunitas, saha masyarakat. Nanging, panyebaranipun dereng sami, ugi dereng lumampah kanthi masif. Pramila, kahanan menika boten prayogi namung dipunpandhegani minangka kalepatan pamarentah, awit pelestarian basa minangka tanggel jawab bebarengan antawisipun sedaya unsur masyarakat.

Program Pamarentah Daerah

Wonten ing Kabupaten Blora, pamarentah sampun ngleksanakaken sawetawis program kangge nguri-uri Basa Jawi. Salah satunggaling program inggih menika panganggènipun Basa Jawi saben dinten Kemis wonten ing kantor pamarentahan saha lembaga pendidikan, ingkang dipuntindakaken déning Aparatur Sipil Negara (ASN) saha para siswa.

Kajawi punika, Dinas Pendidikan ugi rutin nyelenggarakaken manéka lomba, kados ta lomba Macapat saha karawitan ing tingkat kabupaten. Sanajan mekaten, program-program menika taksih prelu dipunkembangaken malih supados jangkauanipun langkung wiyar saha saged narik kawigatosan generasi enèm.

Inisiatif Komunitas saha Swasta

Pelestarian Basa Jawi ugi pikantuk panyengkuyung saking komunitas saha sektor swasta. Mekaring konten digital ingkang migunakaken Basa Jawi mbuktekaken bilih basa daerah taksih gadhah papan ing satengahing masyarakat.

Tuladhanipun, karya-karya musik saking Didi Kempot saha NDX A.K.A., ugi sawetawis kanal YouTube lan podcast ingkang ngginakaken Basa Jawi, saged nggayuh pamirsa dumugi mayuta-yuta. Kahanan menika nedahaken bilih konten kanthi Basa Jawi taksih gadhah daya tarik saha pasar ingkang sae.

Kajawi punika, aplikasi digital kados Kamus Basa Jawi saha Belajar Aksara Jawa ugi sampun dipunundhuh déning atusan ewu pangguna. Prastawa menika nedahaken bilih teknologi saged dados sarana ingkang efektif kangge ngrembakakaken pelestarian basa.

Cathetan Wigati

Sedaya program ingkang sampun lumampah prayogi dipunapresiasi. Ananging, tantangan ingkang paling ageng dèrèng dumunung wonten ing cacahing program, nanging wonten ing konsistensi pelaksananipun saha kemampuanipun nggayuh generasi enèm ingkang sapunika langkung kathah sesrawungan wonten ing ruang digital.

Kajawi punika, kathah program ingkang sasaranipun taksih tumuju dhateng guru saha para tiyang sepuh. Ing tembé, pendekatan ingkang langkung langsung dhateng para lare saha para mudha prayogi dipunutamakaken supados pelestarian Basa Jawi saged lumampah langkung efektif.

Panutup

Basa minangka cagaking kabudayan. Menawi cagakipun wiwit rapuh, mila bangunan kabudayan ugi badhé saya ringkih. Pramila, pelestarian Basa Jawi boten ateges nentang arus modernisasi, nanging ngupados njagi kaselarasan antawisipun perkembangan jaman kaliyan pelestarian jatidiri budaya.

Degradasi kompetensi migunakaken Basa Jawi ing kalangan generasi enèm boten saged dipunanggep minangka takdir ingkang boten saged dipunowahi. Kahanan menika langkung awujud akibat saking owah-owahan ekologi basa ingkang dumados kanthi cepet sajroning sawetawis taun pungkasan.

Pramila, kita boten prelu milih antawisipun dados masyarakat modern utawi ngreksa kabudayan. Ingkang langkung wigati inggih menika ngrembakakaken keseimbangan dwibasa (balanced bilingualism), saéngga generasi enèm saged migunakaken Basa Indonesia saha Basa Inggris kangge nyangga daya saing global, nanging tetep ngugemi Basa Jawi minangka pratandha jatidiri saha oyot kabudayanipun.

Pelestarian Basa Jawi ugi boten namung dados tanggel jawab guru Basa Jawi utawi pamarentah. Tanggung jawab menika kedah dipunemban bebarengan déning kulawarga, lembaga pendidikan, para kreator konten digital, donya usaha, komunitas budaya, saha sedaya warga ingkang taksih ngraosaken bilih piyambakipun minangka bagéyan saking masyarakat Jawi.

Aja dumugi medal ukara:

«"Wong Jawa ilang Jawane."
"Aku wong Jawa, nanging aku boten saged Basa Jawi."»

Awit menawi basa sampun sirna, ingkang sirna boten namung tetembungan, nanging ugi cara mikir, rasa pakurmatan, kawicaksanan, saha jati diri minangka wong Jawi.

«"Jawané aja nganti ilang, awit wong Jawa tanpa Basa Jawi kados dene wit tanpa oyot."»

Pungkasanipun, kedah dipunmangertosi bilih kabudayan boten tansah sirna amargi dipunlarang, nanging asring sirna amargi dipuntinggal déning para pamilikipun piyambak. (AK/SMJW)

Posting Komentar

0 Komentar