Pangkat Kanormatan
Surakarta, Sam - Bupati Blora, Dr. H. Arief Rohman, nampi pangkat kinormatan saking Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ario (KGPAA) Mangkunegoro X ing adicara Pengetan Hajad Dalem Wilujengan Tingalan Jumenengan ingkang kaping sekawan, ingkang dipun gelar dateng Pendapa Ageng Pura Mangkunegaran.Ing adicara punika ugi dipundugeni Wakil Presiden Republik Indonesia, Gibran Rakabuming Raka dalah para pepundening nagari, ing dinten Selasa Wage (27/1/2026).
Dateng sajroning adicara sakral Hajad Dalem.Wilujengan Tingalan Jumenengan ingkang kaping sekawan punika Bupati Blora, Arief Rohman nampi pangkat kinormatan “Kanjeng Raden Tumenggung”. Sahingga naminipun dados Kanjeng Raden Tumenggung Dr. H. Arief Rohman, S.IP., M.Si.
Serat Kekancingan
Pangkat punika katuang kanthi cetha dateng Serat Kekancingan Nomor 2026.kanjeng.002, ingkang dipun tapak asmani dateng KGPAA Mangkunegoro X. ingkang kaserat ing ngandhap :
” Ingkang awit saking keparengdalem Sampeyandhalem Ingkang Jumeneng Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ario Mangkoenagoro ingkang kaping Sedasa ing Surakarta
Anamtokaken dateng
Dr. H. Arief Rohman, S.JP., M.Si
yen ing mangke kakarsakaken Kapatedan ganjaran pepangkatan Bupati Sepuh Kanjeng, lajeng kaharana
Kanjeng Raden Tumenggung Dr. H. Arief Rohman, S.IP., M.Si.
Ingkang punika : para Putro – Sentono – Kerabat Praja MANGKUNEGARAN tuwin Sawarning Warga, sami anganggepa ing sepantesipun pangkat lan sesebutanipun
Dawuhing pengandikadhalem:
Tanggal: 8 Ruwah DAL 1959
Surya Kaping: 27 Januari 2026
Pengageng Praja Mangkunegaran Sampeyandhalem Ingkang Jumeneng
K.G.P.A.A. MANGKOENAGORO X
Seserahan kapatedan ganjaran pepangkatan punika dipun ayomi langsung dateng KGPAA Mangkunegoro X, wusana paring pitutur lan pasembahan Tari Beksan Bedhaya Anglir Mendung ingkang dados piandel.
“Keparenga kulo kunjuk matur nuwun dalah sedanten tamu ingkang kersa dugi, maturnuwun sedaya iguh pratikel, sahingga ngantos 4 taun lumampah, kula saget nglampahi ugere Puro Mangkunegaran dados salah satunggaling puser pengrembakan kabudayan. Kekancingan ingkang kula paringake tumut para pepundhen punika setunggaling bebungah kapatedan dumateng sumbangsih sampeyan sedanten ing upaya budidaya nguri - nguri budaya, lan paring pangayoman dateng warga praja” ature KGPAA Mangkunegoro X.
Bebungah Bupati Arief
Salajengipun Bupati Blora Arief Rohman, sak sampunipun tampi serat kekancingan pangkat kinormatan saking Gusti Bhre KGPAA Mangkunegoro X. Ngaturaken kunjuk sembah nuwun lan siaga anglajengaken pengrembaka budaya nyawiji kalihan Mangkunegaran.
“Matur suwun dumateng Kanjeng Gusti Bhre (KGPAA Mangkunegoro X) ingkang sampun paring kepercayan dumateng kawula, saget dados bagian saking Mangkunegaran. Niki dadosake raos jumbuh, kawula paringaken sembah kagem sedaya seluruh warga Blora. Amerga mbiyen Blora ugi kalebet tlatah Mangkunegaran. Sakmangke kita sadaya bakal nyinergi pripun carane mbangun Blora sarengan Mangkunegaran, lumantun saking kesenian kabudayan ingkang bade kita jaga lan uri - uri. Mugiyo dados manfaat, maturnuwun,” uloke K.R.T. Dr., H. Arief Rohman, S.IP., M.Si.
Ing pasugatan nampi kekancingan pangkat kinormatan punika, Bupati Blora ketingal cakrak lan pideksa ngagem beskap warna hijau pastel, jarik batik sogan, ngagem blangkon gaya Surakarta, lan keris ingkang kaslempit dateng wingking. (Sam/GLX)











0 Komentar