Ngresmeke Program Gemar
BLORA, Saminjawa – Pemerintah Kabupaten Blora lewat Dinas Pangan, Pertanian, Peternakan, dan Perikanan (DP4) wis ngresmekake Program GEMAR (Gerakan Memanfaatkan Pekarangan), ing dina Rabu (28/01/2026), di Grha Rajakaya DP4 Kabupaten Blora.
Penggawean dimulai nganggo kumpul isuk bareng kabeh staf lan jajaran Nayaka DP4 sing dipandegani langsung dening Bupati Blora, Arief Rohman. Bar kumpulan, Bupati dalah jajaran, nandur lombok lan tomat, sekalian tilik panggon upakara tanduran ning pekarangan ing tlatah Kantor DP4, kanggo mujudi sak nyatane mlakune program GEMAR ning Blora.
Ning adicara kasebut, Bupati Arief uga maringake bantuan kendaraan operasional arupa sepeda motor dening 16 Koordinator Penyuluh Pertanian Lapangan (PPL). Bantuan iki, diarepna bisa nunjang lakune lan ngundakno kesregepane para penyuluh, ing nggone nglakoni handarbeni marang kadang petani sak Blora.
Koordinator PPL, Mut Hadiyanto, ngaturake bungahing ati, amerga wes diperhatikna lan entuk sokongan Bupati Blora.
“Kita ngaturaken matur sembah nuwun kagem Pak Bupati Arief, dalah sedaya wigatosipun, paring rembuk lan sokongan Bapak Bupati. Sarana motor niki sanget mbantu kasregepan kita sedaya datengi lapangan. Bupati Blora sampun dados salah satunggaling kepala daerah ingkang sanget migatosi lan mboten kendat nyengkuyung penyuluh pertanian dateng program ketahanan pangan,” ature.
Bupati Arief tilik pekarangan sing dinggo nandur sayuran lan kolam iwak ing Kantor DP4 Blora
Entuk Penghargaan Nasional
Sarimbetan adicara diterusake kanggo maringake piagam penghargaan teka Kementerian Pendayagunaan Aparatur Negara dan Reformasi Birokrasi (PANRB) dening Pemerintah Kabupaten Blora. Penghargaan kasebut diaturke minangka kasile inovasi GESEKU (Gerakan Sejuta Kotak Umat) dan SIP BRO (Sistem Inovasi dan Penelitian Blora), sing kalebu dadi Finalis Top Inovasi Kompetisi Inovasi Pelayanan Publik (KIPP) Tahun 2025 kategori umum tingkat nasional.
Ing atur pambuka, Bupati Blora, Gus Arief ngaturake bungahing ati diresmeknone Program GEMAR sing kabiji saresmi karo misi pembangunan daerah, khususe ing cara ngundakna asil panen sektor pertanian, peternakan, lan perikanan. Ature Bupati Arief, nganggokno pekarangan sing ngasilke, bisa nguatake swasembada pangan, ketahanan pangan keluarga, sawetawis uga melu ngrantasi gawe kanggone ngendalikna inflasi daerah.
“Ketahanan pangan ora kudu digarap teka lahan sing ombo, tapi bisa dimulai teka pekarangan omah lan tlatahing keluarga. Mulane iku, kita banget nyokong kewicaksanane DP4 sing wajibake kabeh ASN manfaatno pekarangan kanthi ngasilake” ature Bupati Arief Rohman.
Bupati juga mendorong seluruh ASN DP4 untuk menjadi teladan dan motor penggerak bagi masyarakat. Ia optimistis, apabila ASN bergerak secara konsisten, masyarakat akan mengikuti. Selain itu, Bupati mendukung adanya monitoring rutin serta lomba pekarangan terbaik agar program GEMAR berkelanjutan dan tidak berhenti sebatas seremonial.
Gunane Inovasi GEMAR
Sak banjure Bupati ngandakna wusana inovasi GEMAR banget migunani kanggo ditiru kabeh para ASN se-Kabupaten Blora.
“Bayangna umpama sekitar 11 ribu ASN ning Blora, nglaksanakna GEMAR, bareng - bareng, asile bakal gede kanggo ngendalikna inflasi lan nguwatna swasembada pangan,” ature negesi.
Ing wewengkon sing pada, Bupati Arief uga negeske tumindak Pemkab Blora ing carane nyokong sarana lan prasarana Perangkat daerah, salah sijine lewat rehabilitasi Gedung Tingkat lorone Kantor DP4. Sing dikarepke sarana kasebut bisa dikanggona kanthi optimal, kanggo ningkatna koordinasi, sinergi, dan kualitas pelayanan kanggo masyarakat.
“Muga - muga Program GEMAR bisa lumaku apik, lumintu lan menehi manfaat nyata kanggo ngendalikna inflasi, nguatna ketahanan pangan, sarta ningkatna kesejahteraan masyarakat Kabupaten Blora,” pungkasane atur. (Hms/me)











0 Komentar