Jangan tidur waktu sidang soal rakyat
Wakil Rakyat bukan paduan suara
Hanya tahu nyanyian lagu setuju"
Sore - sore sound horeg sing lagi dituku Dhe Sumar, dijajal muter lagune Iwan Fals, sing judule "Wakil Rakyat". Nek diematno isine nyindir polah tingkahe Pimpinan lan Anggota DPR negoro iki.
"Sajake marem tenan suarane, resik tur mantep bass e, wis siap dinggo nyetel lagu opo wae, dangdut, pop, rock, keroncong opo neh klonengan tayub Dhe, jedag jedug yo jioss iki nggo suk melok kirab budaya Hari Jadi Kabupaten e awak dewe," aloke Lik Tarzan Gandhul, teknisine Sound Horeg.
Dhe Sumar karo Yu Tik mung mesam mesem, sajak marem, ora siya - siya wong loro iku ngetokno duit nggo tuku sound sistem sing iso nggoregno kacane lan ngrontokno gendenge tangga, yen disetel pol - polan.
"Awak dewe tuku sound iki nggo nambah usaha yo dik, nyewakno sound tur yo iso dinggo karaokean langganan warunge awak dewe, nek malem minggu iso live musik bereng, alat - alat musik delok neh yo teka," aloke Dhe Sumar marang sisihane Yu Tik.
Ora gantalan suwe teko rombongan rong mobil mampir warung e, ketone aktifis LSM sing bar ngadakno acara ning kutho, cacahe wong 8, sing 7 meger - meger, sing wong 1 ketok lemes tur lempok, tapi sunare sajak seneng, mampir warunge Yu Tik kanggo mbahas aksine mau awan.
"Lho kok pas lagune, sing diprotesno awak dewe mas Lik, lha iyo warung - warung ae ngerti pie polahe anggota Dewan yang terhormat ogh, po neh awak dewe, kunkar kunker ae, hasile opo, gak jelas, masyarakat gak eroh sing dibahas opo, dadi perda piro, iki pemborosan uang negara, yang disahno Undang - Undang, tapi manfaate gak jelas nggo rakyat" aloke Doni.
Pancen wes mbegedak taun, nggo nggedekno penghasilan Dewan, dianggarno kunjungan kerja meh mbendino, ning luar kota, duike gede banget, pas covid lah yo ono kunker padahal kudune gak oleh, kon ning omah wae, work from home, tapi kok anggarane jek metu wae, sampek milyadan, sampek dilaporno ning Kejaksaan, tapi kok mlaku ning nggon.
"Iya, tadi juga tak bacakan supaya kasus itu ditindak tegas, wong sudah ada pengembalian uang kok, masak perkaranya berhenti, justru itu harus disita untuk barang bukti, dan perkara lanjut ke ekspose untuk penetapan tersangka, jangan - jangan semua pada bertindak miring, makanya saya bela - belain jalan miring, sampek lempok, tapi saya puas, harus ada perubahan di kota kita ini, mestinya Dewan itu kunker di desa - desa, adakan pertemuan di warung - warung, ekonomi berputar di rakyat sendiri, rasakan amanat penderitaan rakyat, bukane malah tidur empuk di hotel - hotel, foya - foya, yang terkesan hedonis, atau bisa diduga untuk ajang selingkuh, ini dibiayai oleh negara, yang dipungut dari pajak rakyat, pokoke stop kelakuan miring - miring itu!" aloke Mas Lik, tetep semangat, karo nyawel rondo royal gak keroso entek sak piring, maklum lesu, bar mlaku miring 5 kilometer, nganggo klambi karung goni sing abote ora jamak.











0 Komentar