IKLAN


 

Geger Gedhen Bumi Pencu

Salah sijine warga sing tinggal donya kenek kobongan tambang lengo Desa Gandu, Kecamatan Bogorejo

"Kobongan tambang minyak ilegal kedaden maneh, saiki ning bumi sing terkenal ono bukit Pencu, Desa Gandu, Dukuh Gendono, nggowo korban wong 3, ninggal donya, liyane nandang tatu kobong, termasuk bocah umur 3 tahun, geni ngentekno omah 2, rojokoyo sapi 1, wedus 2 lan 50 tangga teparone kudu ngungsi, nek ngene iki trus sing tanggungjawab sopo? APH tenanan pora ngurus kasus iki?"

Kobongan tambang lengo ilegal ngentekno omah loro, korban 3 ninggal, 2 nandang tatu lan 50 keluarga kudu ngungsi

Kobongan Tambang Lengo
Berita iku wes sumebar, ning tivi - tivi nasional, semono ugo tivine warung Yu Tik lan Dhe Sumar. Masiyo adoh ko nggone tapi jek sak Kabupaten, ndadekno wong - wong sing ndelok berita iku dadi trenyuh, gregeten campur pegel atine, kenopo iso kedaden maneh, kobongan lengo latung iku.

"Wingenane ono kobongan ning tambang lengo, ceritane rung bar, pie hasile disusul maneh, kobongan mobil sing ngangkut latung, tapi diunekno thinner, korbane yo loro, malah ono bocah sing jek sekolah, saiki kobongan neh ning Gandu, cedak Bukit Pencu, korbane malah 3 ninggal, omah 2 entek. sapi karo wedus dadi angus, sing tatu kobong dirujuk ning Yogja, iku yo ono bocah cilike, negoro iki pie olehe ngurus?" aloke Dhe Sumar, sajak getem ning ati.

Ndilalah Kersane Allah, kedadeyan kobongan iku kelakon sawise Pemkab ngadakno rapat gedhen, arep ngajokno ijin sumur tambang lengo lan gas jumlahe gak main - main, udokoro 4000 luwih, sing meh diajokno. Kamongko, ngurus tambang lengo iku gak gampang, akeh resikone, tur kudu disiplin, lan akeh modale. 

"Ngurus tambang lengo lan gas iku teknologine yo gak main - main, soale gampang nemoni kacilakan, lha iku biayane yo gede tenan, gak awur - awuran ngunu iku, mosok ngebor sumur lengo cedak banget karo omah, ngunu iku terus pejabat sing ning kono do lah opo? Mosok diumbar ngunu wae, sampek kedaden lagi geger, kudu dievaluasi iku ijine, disurvey disik, layak pora diajokno!" gak kalah sengole mas Wiwik, sing pernah kerjo ning  Perusahaan ngebor lengo mancanegara.

Blunder Permen ESDM
Ngebur lengo pancen ora gampang, mulane ojo digampangno, tapi anane Peraturan Menteri ESDM Nomor 14 tahun 2025, ketone arep nggampangke wong - wong sing do pengin nambang lengo. Pancen mau yo kahanan, rakyat butuh hasil duit nggo butuhan, negoro butuh lengo, nggo ngurangi impor lengo karo gas, sing gak pernah mudun regane, opo neh usum perang ngene iki, rego lengo malah penekan, blas gak due sungkan.

Mbah Yadi sing pensiunan Dosen ning Sekolah Dhuwur Minyak Gas Cepu, saiki dadi Anggota Komite teko Asosiasi Perusahaan Migas Nasional (Aspermigas) duwe penemu, nek lembagane nolak anane Permen ESDM Nomor 14 Tahun 2025 iku. Masalahe, Aspermigas sing dadi Kontraktor Kontrak Kerja Sama (K3S) Hulu Migas iku kabotan nek kon ngurusi tambang sumur rakyat.

"Kita pernah minta agar Permen ESDM nomor 14 Tahun 2025 itu dicabut saja, soalnya membebani kerja kita, disuruh kerjasama dengan penambang rakyat, membina dan diminta beli minyaknya 80% harga ICP, menurut kami, ini adalah akal - akalan untuk mengijinkan sumur - sumur ilegal agar jadi legal," jarene Mbah Yadi nganggo boso Indonesia, maklum wong pinter.

Nanging beda panemune Om Law, soal Permen ESDM iku, menurute dekne, negara pancen kudu ngatur kabeh opo - opo sing kedadeyan, kabeh iku ono tambah lan kurange, karek teka endi awak dewe ndelokno. Metune Permen iku pancen ono sebabe, wong ngebor alesane golek banyu tapi metune lengo, trus lengo iku didol ilegal, mergo gak ono ijine.

"Jadi begini, fenomena banyaknya pengeboran minyak itu diawali di Plantungan dan Soko ya, ada ASN yang nggerakkan pengeboran dengan alasan cari air, tapi itu jelas mensreanya nggak seperti itu, dia jelas ngebor minyak, kalo nggak sengaja kenapa dibor ratusan titik, tapi anehnya juga tidak ditindak oleh APH, akhirnya keterusan deh, yang lain minta diperlakukan sama, akhirnya keluarlah Permen itu, dibilang salah, semua juga salah, buktinya Pertamina gak menindak toh, ini suatu anomali, tapi kita juga tahu, bahwa pembiaran pasca eksplorasi juga nyata dilakukan oleh Pertamina yang notabene milik negara, nyatanya korupsi pertamina juga gila - gilaan to," aloke Om Law.

Mulane, kabeh iku mau kudu disinaoni, dijupuk hikmahe, pejabat - pejabat sing gawe aturan lan sing nglaksanakno kudu tegas, ono pelanggaran yo kudu ditindak, diendekno. Ojo sampek ono korban nyowo lagi do gegeran, terus sopo sing tanggungjawab? Kabeh pelaku lan Pejabat sing ono ning kono, kudu diperikso lan dijaluki tanggungjawab, kenopo iso ono pengeboran lengo ning kono. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar