IKLAN




 

Geger E Warong, Salahe Sopo?

Sakwise wong wis gak patio mbahas pagebluk virus corona, gak ndadekno warga dadi ayem tentrem, tapi iseh wae ono pagebluk liyane, pagebluk Iki ugo medeni wong, marai wong ora iso mangan penak, turu gak jenak, masalahe Iki pagebluk masalah hukum, atusan E - Warong didakwa fiktif, nglanggar paugeran negara, lan iso didakwa ono tindak pidana korupsi, amerga saiki lagi dilidik Polisi.

Geger E Warong sing dibahas ning ngendi - ngendi iku, jian marai ngewel tenan, soale jarene didunke aparat kepolisian soko Mabes Polri, karo diperiksa Kementerian Sosial sing Menterine terkenal galak iku. Gak main - main, beritane ngeri, jarene ono E Warong fiktif, lha kok iso fiktif?

"Nanging, gak oleh kesusu ndakwa Yen gak ono bukti - bukti sing cukup, kabeh iku mau tetep nganggo azas praduga tak bersalah, presumption of innocence, ya pa nggak Om Law" aloke Dewan Joko neng Om Law, pas ngopi ning Yu Tik.

Om Law mesam mesem wae krungu Dewan Joko ngomong istilah hukum nganggo bahasa Inggris iku, karo ndelok mimike sing wis koyo ahli hukum tenan, tapi yo memang ora nggumun, wong yo mantan Dewan tenan.

"Wah hebat mas Joko, mestinya kemarin jadi Dewan lagi ya, sayang kalah, tapi yang jelas mas Joko masih dibutuhkan, buat kasih pencerahan ke warga kok, gak harus jadi Dewan, kalo soal geger E Warong ini memang unik ya, kenapa baru sekarang dipermasalahkan, kenapa nggak dari dulu - dulu, wong sudah jalan dari September 2018 kok, tapi aku juga heran itu dicanangkan pusat kan sepetember 2017 ya, mestinya kalo dari APBN mulai Januari 2018 sudah cair secara nasional, kenapa baru kalo nggak salah ya mohon dikoreksi, September 2018,  baru jalan di daerah, ini yang harus dijelaskan ke publik ya, kenapa bisa telat gitu?" takone Om Law.

Nek dirasakno pancen ruwet tenan penyaluran bantuan pangan non tunai iku, maune dilakokno BNI 1946, kanggo nyalurno bantuan sing jumlahe 70 ewunan luweh, nggo mbantu keluarga miskin, lha jumlah E Warong durung akeh, trus digawe E Warong neh, jumlahe dadi rong atusan, karo ono supplayer, sing iso diitung driji, wis pokji tenan pokoke. Lha trus, diganti Bank BRI jumlahe E Warong dadi 500 luwih, jumlah sing entuk bantuan ugo tambah dadi 80 ewunan KPM.

"Pancen mbiyen yo gak mulus, ono uga persaingan supplayer gede, sing dicekel siji anake Bupati, sijine anake Ketua Partai penyokong Bupati mbiyen, lan Ono liyane sing cilik - cilik, mbiyen gak dadeh, kabeh tenang, gak rewel, gak geger, bareng saiki ganti Bupati, kok dadi geger, untung ae aku moh didadekno E Warong Yo Dhe Joko, athok man lak melok gak iso turu aku," aloke Yu Tik karo nyugohno gorengan rondo royal andalan karo kopine, kanggo Dewan Joko karo Om Law.

"Lha ini, ada apa ini, sesudah Bupati baru kenapa baru ditimbulkan masalahnya, ini jelas ada konspirasi yang awalnya kecil, tapi ternyata menjadi masalah besar, ibarat kata kotak Pandora, ketika ada yang terbuka sedikit, terbuka semua yang tersembunyi, tadinya pengen ikut jualan telur, malah kasusnya ditangani Mabes, luar biasa, semoga cepat selesai, dan ditangkap pihak - pihak yang paling bertanggungjawab, atau kakapnya, bukan cuma ikan terinya, kalo memang ada terbukti tindak pidananya, tapi ya itu tetap ada presumption of innocence," aloke Om Law, biasa wong Pengacara Kondang, nganggone basa intelek, Indonesia dicampur karo basa Inggris. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar