IKLAN




 

Sithik - Sithik Geger, Geger Sithik Sithik

Sawise rodo sudo pagebluke, warunge Yu Tik saiki mbalik rame maneh koyo biasane, nanging Ono sing beda, pelanggane Yu Tik tetep gelem nglakoni sing jenenge Protokol Kesehatan, yaiku nganggo masker karo do nggowo hand sanitizer dewe - dewe. 

Tapi jenenge ning desa, lungguhane kursi kayu dowo, yo mekso lungguhe rodo dempetan ngono kae. Ning anehe do ora omong geget, merga iwut nyekeli hpne dewe - dewe. Ono sing cekikikan Dewe, Ono sing selpa - selpi dewe. 

Aneh - aneh pokoke solah tingkahe wong - wong, samubarang dipotoni, kopi ditata karo gorengan Rondo royal trus dipoto, dipasang ning Instagram, ditulisi Rondo Yu Tik Mak Nyuuuss..jian kreatip tenan. 

Tapi beda sing ning pojokan etan, kursine wis ditata model koyo wong rapat, kursi enem ditata adep - adepan. Ono asbak e, kotak tisu, karo hand sanitizer, Yu Tik jian disiplin tenan, nek perkara Iki.

"E warung jujugane wong akeh mas, teko endi - endi, kadang yo ra kenal, Iki aku kudu ngalahi, nyediani pancuran banyu, sabun, masker, karo hand sanitizer mas, jamane Prokes saiki," aloke Yu Tik marang Dewan Joko sak rombongane, sing teko mampir ning warunge.

"Iyo Yu...jiosd pancen awakmu, pikirane maju, Iki kudu diconto warung - warung liyane, ora malah gegeran ae, sithik - sithik geger, sithik - sithik geger, geger kok sithik - sithik," gremenge Dewan Joko, ngresulo kahanan Pemerintahan saiki, sing gak ono lerene nggone gegeran.

Nek dirasakno pancen bener, omonge Dewan Joko, kahanane saiki ora nenangno wong mergawe, ono bae sing dinggo gegeran, sak ploke pemerintahan ganti anyar, mulai urusan pagebluk Covid 19, urusan kredit macet omah, urusan seleksi perangkat desa, urusan lelang proyek, urusan jual beli kios pasar, terus seragam sekolah, panduga kredit fiktif Bank, arisan online, sampek saiki sing gegeran anyaran e Warong, sing jarene ono sing fiktif.

"Saat ini, memang kota kita jadi sorotan, ada sorotan baik atau positif, tapi ada juga sorotan yang tidak baik, atau negatif, sayang sorotan negatif ini terlalu masif, karena hampir tiap bulan, ada ontran - ontran, banyak kasus, ini iklimnya tidak bagus lho Pak Joko, buat sisi politik, maupun investasi di Blora," saure Om Law, Pengacara kondang, kaya biasane nganggo Bahasa Indonesia.

"Lha sebaiknya bagaimana Om Law, biar nanti kita sampaikan, jelek - jelek gini, omongan saya pasti didengar kok sama Guse," aloke Dewan Joko, karo nyawel Rondo royal anget, langsung loro sak emplokan dilanjut nyruput kopi pait senengane.

"Saya lihat, maaf bukannya saya iri, karena profesi saya sebagai Pengacara, menurut saya, negara ini aneh, kok semuanya "diback up" aparat penegak hukum, contohnya BUMD pendampingannya pake legal, kok aparat penegak hukum juga, padahal mereka fungsinya sebagai pengawas dan eksekutor, penyelidik dan penuntut, apa nggak ada main mata nanti, tapi kita Pengacara dibiarkan saja, nggak difungsikan, padahal kita ini juga bagian dari Penegak Hukum lho, sebagai Pembela baik di dalam maupun di luar Pengadilan, mestinya kita diajak dong" aloke Om Law, serius banget nek ndelokno mimike, koyo ono roso mangkel.

Wis sak mestine, masyarakat kudu dikei ngerti bab hukum, kesadaran hukum iku penting, lan iku kudune teka pemerintah sing mulai, kanggo nyegah tindakan sing nglanggar hukum, mulai teka Desa kudu diwenehi pendamping hukum, yaiku sing mbela lan ngekei ngerti bab pencegahan tindakan hukum, lewat Pengacara, sing uga bagian teka penegak hukum, yen pengin negara adil makmur, lan rakyate  ayem tentrem. ***


Posting Komentar

0 Komentar