IKLAN




 

Umpomo "Lockdowne" Gentenan Pie?

BLORA, ME - Dhe Sumar malem Minggu Iki apel neng warunge Yu Tik, ketone atine bungah iso lungguh wong loro njagong, Yo mung wong loro, Yu Tik karo Dhe Sumar thok. Lungguh adhep - adhepan, Dhe Sumar iso nyawang Yu Tik sing dadi kembang turune. Dikancani bulan karo lintang, ora peduli nyamuk - nyamuk gentayangan.

"Bengi Iki sepi Yo Yu, padahal malem Minggu lho, kok gak Ono sing mrene Yo, Ndak Iki terae ngekei kesempatan awake Dewe sakloron yo Yu, mung ono bulan lan lintang," aloke Dhe Sumar, karo udat udut sinambi nyawang kusumaning ati.

"Ee mboh de..sampek kapan ngene iki, warung kudu tutup jam 8 bengi, nek ora diobrak - obrak pak Bhabin karo Babinsa, mongko bukak warungku Yo mulai sore jam 3, suepi tenan de," semaure Yu Tik, karo nglangut, ndeloki jam sing pandome Ning angka 7, kurang sak jam neh.

"Sing sabar Yu, awak dewe wong cilik, kudu manut aturan PPKM Darurat, aku Dewe gawean Yo sepi, Pasar wedus ditutup, gak iso dodolan, Yen pengen tuku Yo kudu Moro ngomah, lha sobeke pembeliku ko njobo kutho, kenek Cegatan, ora iso mlebu, yen gak ndue surat swab negatif Corona mesti kon balik, wes angel Kabeh pokoke," omonge Dhe Sumar nandes.

"Tapi Yu, ngene iki yo ono hikmahe ogh, warung sepi, aku iso ngancani awakmu, njagong, ngrungokno ngresulaning atimu, masiyo Ra ndue duit, ngger iso nyawang awakmu, aku wes tenang kok Yu," saure Dhe Sumar meneh.

Raine Yu Tik sajak nyemu abang, dioneni koyo mengkono karo Dhe Sumar, dudo anak limo, atine Yu Tik kebat kebit, ora karuan, Yu Tik ngerti yen Dhe Sumar nandang katresnan karo dewekne, ning Yu Tik jek ngenteni kabar tidasane, Mas Pujo sing neng manca, dadi TKI, jarene pingin mbaleni omah - omah, yen pandemi Iki wes rodo mari. Gagenan Yu Tik ngendani rembuk glembuke Dhe Sumar, ben gak kedlarung - dlarung sing ora - ora.

"Dhe mosok "lokdon" e gak iso digawe gentenan Yo, mosok kudu sak Jawa - Bali, mbok digawe giliran ngunu lho, sing sesasi po rong sasi neng Jakarta, sing paling akih covide, ngko gentenan sesasi, Bandung, Suroboyo, Semarang lan sak piturute, sampek Covid Iki entek, eh maksude sampek vaksine bar, dadi gak nyusahno awak Dewe," saure Yu Tik, koyok ahli epidemiologi kondang kae.

Dhe Sumar sajak kaget, gak nyono Yen jawabane Yu Tik apike koyo ngono, idene "lockdown" alias PPKM Darurat gentenan, alias PPKM Darurat Bergiliran, jian cerdas tenan Yu Tik Iki, aloke neng njero ati, tapi atiku Iki terus pie, jawabane kok adoh Karo sing dikarepke, aduh nelangsa neh!!! (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar