IKLAN




 

Tulung Omahku Di Sita!"

Dhe Sumar dheleg - dheleg neng warunge Yu Tik sore iku, sing dilakoni mung udat - udut neng pojokan, dewekan. Ora koyok biasane, angger ning warunge Yu Tik jek sepi njaluk dikancani, sore Iki beda, Dhe Sumar pengen dewekan wae.

Atine Dhe Sumar kemropok, nemoni kahanan uripe sing tansah sial, arep - arepe iso kepenak, yen jagone dadi, jebule mung ngimpi. Wis ra uman gawean, nganggur, iseh omah kridit e rep disita Bank, jian kesingsal - singsal tenan.

Ora gantalan suwe, Om Law teka karo Dewan Joko, numpak mobil mbuh bar teko endi mau, Dhe Sumar yo ora nggatekno tekane, pikirane lagi ruwet, bundhet, mikir omahe, sing dipasangi plakat "Rumah Ini Disita", karo atusan omah liyane.

"Lho Dhe wis suwe Ning kene, aku mau nggoleki ning omahmu, aku krungu omahmu dipasangi plakat, gagenan pengen ketemu awakmu, genahe pie to? mbayarmu lak lancar to kredite? Jal ah jelasno ben dibantu Om Law Iki lho, gratis Karo bolo Dewe kok," takone Dewan Joko.

Om Law sing lungguh Ning ngarepe Dhe Sumar, ugo mesthekno, Yen dewekne siap mbantu, koyo liya - liyane, gratis. Mergo Om Law lagi wae gawe Kantor Lembaga Bantuan Hukum utowo LBH, nggo nulungi warga sing gak kuat mbayar honor pengacara sing larang.

"Ya Dhe, ceritakan dulu saja kronologinya, awalnya bagaimana, terus ada alat buktinya apa saja, mungkin surat perjanjian atau apa, mungkin kita bisa bantu Dhe Sumar, sebab banyak yang bilang kalo mereka sudah bayar kreditnya lancar," aloke Om Law nganggo bahasa Indonesia.

"Iya Om Law, saya sudah mbayar kredit bulanannya kok, saya juga minta keadilan, Bank itukan milik Pemerintah, mbok Pemerintah mbantu kami, Dewan bantu kami, kok bisa begini jadinya, tolong dijelaskan to, ini kok diam - diam saja, mana buktinya mau sejahterakan kami, ratusan wargamu ini, sudah jatuh ketimpa tangga lho," aloke Dhe Sumar.

"Walah tekan mrono meneh, sitik - sitik Bupati, sitik - sitik Bupati, Yo gak iso ngunu to Dhe, Iki masalah hukum, Bupati gak ISO intervensi masalah hukum ngene iki" saure Dewan Joko.

"Kenopo gak iso, aku Ki yo wargane lho, Karo atusan liyane, mbok diundang kae Bank e, dicek, kok iso ngene iki kepiye, Dewan Yo kudune aktif, nek perlu gawe Pansus, Iki masalah hajat hidup orang banyak lho, negara kudu hadir, pie Leh!" aloke Dhe Sumar, gak kurang galake.

"Iya Dhe, ini masih tahap penyelidikan, itu gunanya kami bantu njenengan, dampingi situ, buat melindungi hak - hak hukum sesuai konstitusi, untuk njenengan dan korban yang lain, kita siap bantu, komunikasi dengan semua pihak, berdasarkan fakta - fakta hukum yang ada," saure Om Law. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar