IKLAN




 

Adikku Pengen Dadi Perangkat

Blora, ME - Wes suwe Ra tau sobo warunge Yu Tik, mas Momon koyok - koyok bingung, arep ngomong opo, ngomong Karo sopo? Iseh sepi wong lagi bukak sore iku, Yu Tiik prei rong ndino, merga ntuk pesenan nggoreng rondho royal sak kopine neng Pendapa Bupati, nggo nyugohi tamune sing mbanyu Mili. Wah..Jian, Yu Tik Melu mlebu Pendapa Bupati, jarene kopi Karo Rondo royal gawekane Yu Tik maglek tenan.

Ngerti Mas Momon teka neng warunge, Yu Tik agenan semaur grapyak, semanak, sajake kangen, suwe Ra tau ketemu, cul ramene kampanye Pilihan Bupati.

"Eh janur gunung mas Momon, suwe ora njamu, jamu godhong tela lho mas, suwe ora ketemu, temu pisan Ojo gawe gelo Yo, Monggo mas Momon, ngopi nopo Susu?" aloke Yu Tik sajak pie ngono, nggoda Mas Momon.

Mas Momon dasar wonge mriyayeni, mung mesem - mesem, trus lungguh kursi tengah, madep ndalan, sajak nunggu kancane, Karo ndudut udut "Maraiboros" senengane, disumet trus keluke digawe bunder - bunder, Jian iseh nggaya koyo biasane.

"Kopi susu sajak e seger Yu, opo neh nek asli, hehehe, Karo gorengane lho rondoem..eh maksudku rondo royalem Yo, sak piring, aku Rep rapat Iki," semaure Mas Momon.

Gak gantalan suwe, ono mobil coklat tuwo teka, banjur mudhun wong telu soko mobil iku, mobil coklat tuwo iku nggone dongkolan Dewan Joko. Kancane loro, Dhe Sumar, karo wartawan senior Mbah Surip, gagenan mlebu warunge Yu Tik.

"Lho mas Momon, mpun suwe mboten ketingal, teng pundi mawon mas Momon, kangen Ki lho kanca - kanca, utamane Dhe Sumar, Yo pora Dhe," aloke Dewan Joko. Dhe Sumar mung mesem Thok, karo nglirik, pie - pie mas Momon musohe ngrebut atine Yu Tik. Kok iso ndisiki neng warunge Yu Tik, Iki mesti Ono opo - opo batine Dhe Sumar nggetem.

"Ah lagi wae kok kak, bar ko nggone Mbah Pardi, nakonke ujian seleksi Perangkat iku lho, kok jarene ditunda iku geneyo, soale adikku melok ujian iku je, kene lungguh Sik kene, Yu Tik lagi nggodhok wedang senenganku, biasa kopi susu" saure Mas Momon, karo nglirik Dhe Sumar, sing raine abang ireng, goro - goro cemburu.

"Oh ngono Tah, tapi Ojo mbok intervensi lho mas Momon, Ben mlaku sak mlakune, Yen pinter Yo mesti lulus, Ojo main - main, kudu on the track, dahneyo iku modele merit sistem, poine 40 %, trus adikmu lak lagi teka ko Luar Negeri to, 10 taun dadi TKW, dadine koyo wong anyar," aloke Dewan Joko.

Mas Momon kaget, kok Dewan Joko ngerti Yen adike lagi wae teka ko Singapur Yo? Pancen adike Mas Momon, sing jenenge Dek Sri, lagi wae teka, dadi TKW 10 tahun, neng Singapur, sak durunge neng Hongkong. 

Karepe ngunu pengen leren, mergawe neng omah wae, neng ndesa, mulane dikon ndaptar dadi Perangkat, modale wes cukup nggo melu ndaptar Perangkat, basa Inggris teteh, basa China entheng, komputer mbalek, wong kulino medsosan, nek perlu duik yo cemepak, rekeninge isine dollar thok, siap nggo serangan Pajar koyok jaman Pilihan winginane.

"Ah iku njajal ae kok Kak, ketompo sukur, ora yo bukak toko ae, eman - eman adiku wedok tak kon neng omah ae, ndilalah adiku pengen dadi Perangkat, wes cukup neng luar negeri, Ben ndang ntuk bojo, lak Yo pantes Leh mas e nggenah - nggenahno ngunu iku," aloke Mas Momon, karo nyumet udut neh, trus ndelok kiriman pesan WhatsApp, isine cekak neng layar handphone. "Njaluk Apel Whasington". Wah..koyok isine BlackBerry ne mbak Ayu Dewan Demokrat mbiyen ae. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar