IKLAN




 

Nasibe Wong Tani Mbliyur Terus

Sak sore udan ngreceh terus, nanging warunge Yu Tik ora malah sepi, malah san soyo rame, Ono sing njagong cul awan karo internetan, soale saiki dipasang wifie, ora kalah karo kafe - kafe neng kutho, sandine "yutiksayang007", diganti - ganti terus, jarene ben gak "diheng" uwong, mbayani tenan Yu Tik iki, padahal sing nganggo wifiene yo mung nggo ndelok konser dangdut koplo New Pallapa, karo tayub lho.

"Ben do aman mas, Yen ngenet neng kene, gak diheng uwong, ngopi karo udat - udut, sinambi maem rondo royal, gedang goreng, tempe mbus, pia - pia, nek rokok tuku njobo ae mas, lempok diutang terus," aloke Yu Tik. 

Neng meja siseh etan, paling rame dewe, do geget, ngrembug masalah Abuk, jarene Abuk angel tur larang, ijeh diinthil - inthili pengecer, Abuk non subsidi kiloan, kudu tuku jarene sak paket.

"Jan - jane negara Iki pie to olehe ngatur, ngger meh tandur kok Abuk angel, yen digegeri abuke metu, tapi kudu tuku sak inthil - inthile, dadine larang, gelem gak gelem wong tani kudu nuku, timbangane gak iso mangan, yen gak nandur pari, nek ngene terus nasibe wong tani lak mbliyur" sengole Dhe Sumar mbukak omongan, bareng ngerti Mas Mantri, pegawe pertanian arep lungguh melu njagong.

Krungu yen disindir, Mas Mantri mung mesem, tetep tenang, ngetokno udut, trus disumet, dikebulno neng raine Dhe Sumar sing lungguh neng ngarepe pas. Liyane do meneng, Mas Momon yo cuek, malah geget - geget untu, sajak kademen, Dewan Joko lagi nyruput kopi, karo nyawel rondo royal anget, sebelahe Om Law, lagi moco kiriman pesen ko WhatsApp neng hapene.

Akhire gelem gak gelem Mas Mantri kudu nyauri takonane utawa sentilane Dhe Sumar, soale wes muni - muni bab aturane Negara barang, soal abuk seng nggegerno wong tani.

"Yo ora gumun Dhe, nek wong tani do muring - muring, aku dewe PPL Yo ngelu ogh, wes tak kekno data luasan sawah, data tani, data butohe pupuk, e malah subsidine dikurangi, sing kudune sak hektar telung kuintal, saiki muk sak kuintal, pie jal iku ko pusat lho, nek soal perdagangan abuk iku wenange Dindagkop, pengawase, karo KP3, ngono lho Dhe jelase," saure Mas Mantri, Karo ngebulno udute neh, pas neng raine Dhe Sumar.

"Lha trus soal inthil - inthil iku pie Mas Mantri, jan - jane pie kok wong tani dipekso kudu tuku sak paket, karo abuk sing disubsidi, mulane nebuse dadi larang, tur angel kakean acara ndadak kudu ndue kartu tani barang, utawa kudu Ono neng datane neng e - rdkk, Iki lak sakake sing ndue sawah tapi gak ndue kartu tani, gak oleh abuk," aloke Dewan Joko.

Mas Mantri gobyos - gobyos diserang ngalor ngidul soal abuk, sing lagi anget - angete, neng ndi - ndi, wong tani do muring - muring nglumpuk, siap - siap demo yen urusan pupuk ora ndang diatasi gawene. Ketone yo lagi saiki wong tani podo mulai wani, wes kepepet, jian ngeri tenan yen diumbarno. Opo neh ono Dewan sing ngongkon ngrampok gudang abuk, yen diangel - angel. Durung suk nek panen, regane gabah ambyuk, jian nasibe wong tani mbliyur terus.

Kosokbaline ono sing nekad nimbun abuk puluhan ton neng gudang jagung, padahal tanggane do gedandapan golek abuk, jian wes ora ndue kamanungsan tenan, untunge Polisi kok ngerti, banjur digrebek, dicekel, kari nunggu proses hukume, tenanan po nget - ngetan jangan oblok - oblok panggang.

"Hukum harus ditegakkan, APH harus tegas, persoalan pupuk ini harus diusut tuntas hingga ke akar - akarnya, kalo ingin Indonesia bersih, pupuk bersubsidi ini adalah barang dagang yang diawasi oleh negara, ada aturannya, pidananya bisa 2 tahun penjara, karena menyangkut hajat hidup orang banyak," tuture Om Law njelaske, biasa wong dekne Advokat yo nganggo bahasa Indonesia. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar