IKLAN




 

Ngopeni Pendharat Akeh

Dewan Joko gidrang - gidrang jagone menang Pilihan Bupati, sak akehe wong diomongi dijak pesta kemenangan neng Cafe Pinggir Rowo, kapal pecah 40 dino 40 bengi jarene, saking senenge.

"Ayo - ayo melok aku, kapal pecah pokoke mangan ngombe, syukuran Jagoku menang neh, sopo sing tak jago mesthi menang Yo toh, percoyo pora koe!" aloke banter tenan, karo nyunggi botol banyu nggliyeng.

Den Mas Yayun sing hobbyne nyanyi ugo nyaut, melu mongkog nek jagone bareng Dewan Joko menang.

"Wah ora rugi, aku nggawe lagu kali cilik iku kalen, kali gede Kaliwangan Yo mas Jek, ayo nyanyi bareng, mumpung sound e siap" aloke Den Mas Yayun, karo nyanyekno lagune, jaman geget - gegete kampanye.

Dino iku, cafene mas Eko jian rame, kebek tim Pendharat Pilihan Bupati jagone Dewan Joko sing menang total, lan mecahno ndog ujare wong - wong sing ngomong, mokal Wakil iso munggah dadi Bupati.

"Iki jaman Milenial cuk, jaman nuklir, ora percaya ngunukan aku, Iki wayahe sing nom sing nyambut gawe, ayo bareng - bareng disurung disengkuyung Bupati anyar!" aloke Mas Bais Cempe.

Nanging kosokbaline, masiyo gegete koyo ngono, meriah kapal pecah, Ayah Bege mung tenang - tenang wae, mung mesam mesem ndelokno polahe Dewan Joko, Den Mas Yayun, karo Mas Bais Cempe, seng cul mau njoget - njoget karo nyunggi botol banyu nggliyeng.

"Eh Iyo cah...ngunu iku opo Yo roh, masiyo menang, Bupatiem iku gak mumet pie, mikirno pie carane ngopeni Pendharat sing akehe sak emboh, urung ngurusi mbalekno buahane, lha njabate ora genep, e mugo - mugo diparingi sehat, seger lan dalan sing padhang Yo Ji," aloke Ayah Bege marang Kaji, sing lagi asik mangani kerupuk, karo ngguya ngguyu ndelok polahe Mas Bais Cempe. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar