IKLAN




 

Tresno Semoyo Iku Loru

Ora koyo biasane, warunge Yu Tik prei malem Minggu iki, ono opo warunge Yu Tik kok prei, sakehe wong langganane do nggremeng, do takon pinakon, ono opo kok warunge prei? Terus kudu ngopi neng ndi? Ono ugo sing ngarani nek Yu Tik lagi ketaman asmara, maklum ae suwe dadi rondho. Yo sah - sah wae to nek golek ijol, wong yo jek nom, 30 munggah sithik umure Yu Tik.

"Nek Yu Tik ketaman asmara, terus sopo sing dadi gantholan atine, Dhe Sumar, Mantri Alas opo Mas Momon yo, opo ono liyane, soale sering ono wong BCA, Bank Cicilan awan sing asring mrono, ngger jam mangan awan, diladeni Yu Tik, grapyak mesra koyo karo bojone dhewe," grenengane Kabul karo Yanto Weng, cah do bento terae, lha pie ora melok bento, wong Yanto Weng sing ra mudeng dadeh alias kurang sak ons, dijak rembugan.

Ora koyo biasane Yu Tik, ndeglek ngalamun neng kursi pojok warunge, dhelok noleh tengen, dhelok noleh ngiwo, banjur ngingeti jam tangan, trus ndelok HP, wes jam 7.30 bengi kok durung dipethuk. Kamangko Yu Tik wes macak, jian bedo tenan karo biasane, awake digebyur banyu kembang pitung rupo, jalukane Mbah Din Dukun ko Gunung Pencu, ben supoyo tresnone gak suloyo neh, koyo sing uwes - uwes.

"Pie to Iki, kok gak ndang teko - teko, janjine jam 7 thit, kon siap malah gak ndang mrene to mas, Selak luntur lho wedakku," koyo ngono pesen WhatsApp sing digawe Yu Tik, dikirimke neng Whattapp sing dinteni. Karo mecucu lambene, sajak mangkel, gregeten tapi arep - arep tenanan. Pisan didelok, jek centhang siji, pesen durung tekan sajak e. "Sinyale mungkin kono lagi elek, maklum mendhung," gremenge Yu Tik.

Sak jam Yu Tik ngenteni balesan, WhatsApp sing dikirimke, gak peduli nyamuk - nyamuk ngrubung awake, nyesep getihe, mulai sikil, tangan sampek pipine, maklum bengi iku mendhung peteng, koyone arep udan. Nanging Yu Tik tetep setia ngenteni, balesane ko hapene sing dikirimi.

"Wah wes centhang loro, tur biru berarti wes diwoco, nanging kok gak ndang dibalesi Yo, mugo - mugo wonge langsung mrene," batine Yu Tik ulate dadi rodo padhang, ngerti pesene wes diwoco.

Bener wae gak gantalan suwe, teko motor alon - alon nyedhaki warunge, sunaran lampune soyo suwe soyo padhang, soyo cedhak, nyoroti Yu Tik, banjur mandheg, lan sing numpak motor iku mudhun, loro - lorone mudhun, wedok kabeh. Gedhe cilik, koyo ibu sak anake, ngampiri Yu Tik.

"Koe sing jenenge Yu Tik, koe sing janjian karo bojoku, mas Jono, pantesan bengi Iki bojoku macak mlithit, wangi, padahal nek neng omah ora tau adus, jebule kedanan Rondho bakul kopi koe Yo.!" bengoke wong wedok sing karan Narti, wong tonggo desa limang kiloan meter ko warunge Yu Tik.

Yu Tik kaget, ndredeg, nanging gagenan sadar lan ngrumangsani, banjur njaluk sepuro marang Narti karo anake mau, kondho yen Mas Jono ngakune Dhudho ditinggal lungo neng Negara manca.

"Nyuwun sewu mbak, Kulo mboten ngertos menawi mas Jono meniko mpun gadhah Estri kalih anak, piyambake ngakune dudho ditinggal lungo dateng manca mbak, dados TKW, sepurane sing kathah mbak," bengoke Yu Tik karo sendhepo neng ngarepe Narti.

Narti sajake ngerti yen Yu Tik jujur omongane, mung dadi korban lanangan, yoiku mas Jono sing terkenal thuk mis. 

"Mulane ati - ati mbak, Ojo gampang percaya wae, iku mas Jono anake limo, gak tau diurus sing bener, aku Kabeh sing nggulowentah anakku, wes aku pamit, eling Ojo sampek gampang percaya neh karo wong Lanang sing gak jelas," aloke Narti.

Mak pet, ndonya rasane peteng dedet, Yu Tik nangis sesenggukan, mikirno nasib atine, trisnane sing semoyo neh, amargo keblidhuk esem manise mas Jono, mantri Bank Cicilan Awan, sing kerep mampir neng warunge, sing maune nggawe padhang uripe, saiki malik, tresno iku dadi racun ning atine, sedelok kelingan Dhe Sumar, Mas Momon karo Mantri Alas, sing ugo tau nggodha atine, nanging disemoyo. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar