IKLAN




 

Covid Sansoyo Edan, Pilihan Mundur Meneh?

Bengi iku warunge Yu Tik, sepi tintrim ora koyo biasane, padahal wes jam 9 munggah, biasane bukak plethik, wes diantri wong sing arep ngopi karo nguwel gorengan rondho royal anget. Tapi, Dhe Sumar, ora peduli, malah beneran jarene, iso njagong Karo Yu Tik, sing ndue warung.

"Mrene lo Yu, wong sepine ngene kok, neng njero ae, mbok mrene ngancani njagong aku, sing setia neng awakmu," aloke Dhe Sumar, semu nggodha Yu Tik, rondho ditinggal lungo sing lanang, mergo katutan TKI neng Paran.

Sajake Yu Tik, yo sarujuk, gelem njagongi Dhe Sumar, karo ngenteni pelanggan liyane, ora ono salahe njagongi Dhe Sumar. Karo nggowo teh, karo kopi pesenane Dhe Sumar, ora ketinggalan jajan gorengane Rondho Royal anget, sak piring.

"Dino iki sajake kok sepi banget yo Dhe, ono kabar opo Yo, sing marai wong - wong do Wedi metu omah neh, padahal jarene wes new normal lho, warung - warung oleh dodolan, seniman oleh manggung, cah sekolah yo wes njajal ketemu karo Guru lan kancane, ketone wes penak lho," saure Yu Tik dowo - dowo.

Dhe Sumar, gagenan nyruput kopine, karo nyumet udute, ngerti Yu Tik wis lungguh neng ngarepe, mripate diucek - ucek, sajak gak percoyo, Yu Tik, ganthilan atine gelem ngancani njagong, tapi dasar Romeo cap Ndeso, yo gayane digawe tenang - tenang ae.

"Ngene lho Yu, masio Iki, jarene new normal, pemerintah ngongkon rakyate tetep iso kerjo, golek duit, sing usaha koyok awakmu, Yo kudu tetep bukak, ben ekonomi tetep berjalan, untuk menghadapi krisis ekonomi, iku jarene Bu Menteri neng Jakarta Kono," sambunge Dhe Sumar. Atine sajak mongkog, ngerti Yu Tik ngrungokno omongane.

"Biasane, Mas Momon sak kancane sing dadi Tim Sukses mrene lho, rapat koordinasi jarene, mulai bukak, sampek rep tutup, mbahas strategi pemenangan calone lho Dhe, bengi Iki kok gak Ono Yo," saure Yu Tik maneh.

Mak tratab, ulate Dhe Sumar malih surem, sajake cemburu, krungu Mas Momon disebut - sebut, rokoke disedot jeru banget, trus keluke disebulno bareng, ko lambe nganti irung, metu kabeh, koyok "Banteng Keraton".

"Yu Pilkada Iki, ketoke ditunda maneh Yu, soale dek Covid tambah ngamuk, sansoyo edan, ora tambah mendho, malah tambah akeh sing kenek, akeh Pejabat Jakarta sing positif, trus ninggal ndonya yo Ono, Iki bahaya, soale durung ketemu obate, Ketua KPU Pusat, yo kenek, Iki bahaya nek diterusno Pilkadane, tambah akeh Yu, gak iso njamin, warga opo iso nglakoni Protokol Kesehatan, mesthi angger ngabyak ae, wis Yu aku tak pamit ae, Corona Yu, bahaya, Ojo Sampek rakyat dadi korban, mung nggo kekuasaan ae" saure Dhe Sumar sajak ndhongkol, karo ninggalno Yu Tik, sing dheleg - dheleg koyo bar ketemu setan kuburan. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar