IKLAN




 

Calon Ketelu Boneka Opo Beruang?

 

Yu Tik lagi wae arep mbukak warunge, masiyo bengi iku udan rimis - rimis, iseh wae ono sing merlokno teko neng warunge, kayoto Dhe Sumar, Mas Momon, Mantri Alas, Mas Joko Mantan Dewan, Lik Agung lan Om Law, gak pernah absen nyruput kopine lan nyamikan jajanan Rondho Royale Yu Tik, bengi iku ndilalah kok komplit, lan kompak, bojone do lagi menstruasi, dadi nganggur neng omah, mulane do metu neng warung, masiyo anyep trecep.

Nek ketemu neng warung iku, ono wae perkara sing dibahas, mulai politik, hukum, ekonomi, koyo gak ono enteke dibahas, para pengamat kelas warung kopi, sinambi ngramal nomer buntut, togel seng mendrip - mendrip, sok ono, sok ora, nek ono pengecere togel dicekel nomer prei, sedino rong ndino, anehe gak ono bandar sing dicekel, alesane dibandari dewe karo pengecere, opo tumon?

"Pandi Brintik wingi kecekel, dodolan e togel kenek operasi tangkap tangan, anehe mung dekne sing dicekel, padahal dekne mung buroh nulis, jarene dekne keneke judi online, ngunu iku pie Leh," takone Dhe Sumar ndledek.

Mas Momon koyo biasane, karo nyumet rokok "Maraiboros" senengane, masiyo ditempleki koyok pipi kiwone, tetep nekad udut ae, gusine aboh neng urung gelem mriksakno untune neng dr Daryanto, langganane, rung due duit jarene.

"Gusiku aboh Dhe, ojo abot - abot mikire, ben kono, Pandi Brintik yo angel kandanane kok, usum razia nomer kok malah nekad, opo neh Iki disorot media kondang karo Polda lho, soale ono sing protes, mlaku atusan kilo, tapi di endeg tengah ratan, kon balik numpak Pick Up, penging neruske lakune," ompyange Mas Momon, karo ngelus - ngelus pipine seng aboh ditutupi koyok.

Dhe Sumar, sing memang suwe ora patio seneng karo Mas Momon, soale Mas Momon seneng nyemoni nek Dhe Sumar mbukak rapat neng warunge Yu Tik.

"Lha trus mbok kon mbahas opoleh Mas, ngene gak oleh, ngono gak oleh, maksudte pie ngunu iku?" saure Dhe Sumar rodok emosi, Mas Momon tenang wae, udute isih njedhal njedhul wae, kadang keluke di gawe huruf "O", carane lambene dimonyongno, trus lambe ngisor disodok nganggo ilat.

Mantri Alas, Mas Joko mantan Dewan, Lik Agung lan Om Law mung mesam mesem, ndelokno polahe wong loro kuwi, ora let suwe Om Law nanggapi gregete Dhe Sumar, biasa sarehne dekne Pengacara, tur intelek, mesthi nganggo Bahasa Indonesia.

"Itulah penegakan hukum di Negara kita, selalu saja yang kecil, yang dijadikan umpan, sementara pleger, downpleger, middlepleger, dan uitlocker tidak pernah disentuh, padahal dugaan saya, mereka tahu semua, siapa bandarnya, tapi kenapa tidak diproses, itu karena ada ini!?" saure Om Law rodo banter, sajak emosi, karo ndrijine nudohke kode duwik.

Mas Joko mantan Dewan langsung nyandak, modele Om Law nek wes ngomong, mesthi mejane horeg, mulane langsung disaut omongan, mbahas liyane.

"Wes..wes..mbahas Pilkada ae pinuk, calon ketelu iki rep metu lho, tapi jagone Yo durung jelas, nek Partaine ngono wes karek gandengan, ono Golkar, Demokrat, Hanura, karo Perindo, opo Iki mengko dadi sak gerbong ngusung calone sing ketelu Yo," Mas Joko mantan Dewan mbukak wacana, karo nglirik Om Law, sing sajake yo wes tenang, nyruput kopi, karo udat udut, siap mbahas isu liyane, politik Pilkada.

Dhe Sumar langsung nyaut, semangat mbahas politik Pilkada, senajan mung makelar sepedah Minion, Dhe Sumar wawasane akeh, kancane Yo akeh, mulane infornasine koyok koran mlaku.

"Nek menurutku, calon ketelu iso dadi kunci, sopo jagone, duwe peluru tenan opo dobis, duwe masalah hukum opo ora, trus kepinterane, nek sing metu, wayang kawak Yo gak payu, tapi nek sing metu bener - bener anyar, tur solahe koyok Werkudoro, yo, ora dadi boneka, malah iso menang lho," saure Dhe Sumar sajak wes ntuk besuwel ko calon ketelu sing anyar.

Mas Momon ora gelem kalah, langsung ngetokke analisane, bab calon ketelu, sing lagi rame, arep melu njago Bupati karo Wakil Bupati suk tanggal 9 Desember 2020.

"Iyo Dhe, kari ndelok calone sopo sing ketelu iku, menurutku, nek sing metu mengko calon wayang lawas, jelas iku mengko iku calon boneka dari India, tapi nek bener - bener anyar, nekad perang, pelurune yo siap, jelas iku mengko dadine Beruang kanggo calon - calon sing wes ngadeg saiki," saure Mas Momon, wah saiki rodo kompak karo Dhe Sumar, opo Yo wes ntuk besuwel, soko calon ketelu sing paling anyar Yo?  (Rome)



Posting Komentar

0 Komentar