IKLAN




 

Pilihan Bupati Mblora, Adem Silit Genuk?


Layang Rekom
Sak wise layang rekom teko DPP PDIP ditibakno kanggo pasangan seng  dadi ngagetke, soale dianggep modal dengkul, kabeh ambyar tur buyar. Saur manuk Calon seng ndaftar, di uji test trus melu disurvey lewat Partai Banteng Mencereng iku, podo muring - muring neng ati.

Kok iso Yo? Kan gak ndaftar, gak melu ditest, gak mbayar survey, malah ntuk rekom ko DPP PDIP? Wah ojo - ojo Iki permainan wae? muncul panduga elek teko welasan Calon seng ndaftar kae, mbuh iku lewat DPC Kabupaten opo lewat DPD Propinsi.

Ninggal Mangkel
Seng nggarai luweh mangkel neh, gak pernah dikabari, mboh iku lewat layang, mboh iku lewat, telpon opo WhatsApp, teko Panitia Pendaftaran dan Penjaringan Bakal Calon Bupati Wakil Bupati seng neng DPC PDIP. Ujare salah sawijining pendaftar, seng gambare wes nyebar sak ubenge Kabupaten.

Politik iku kudune yo nganggo etika moral, lan rasa kamanungsan. Ora koyo ngene, ditinggal glethak, gak ono kabar - kabaran, mbiyen wae disubyo - subyo kon ndaftar. Kon rame - rame, omongane do lamis, pinuk, kan tansah nyenengke, nanging saikine, kabeh do ndelik, wes gak gelem ngabarno, pokoke ninggal mangkel!

Siap Nglawan
Nek ngene carane, iki menghalalkan segala cara, nggo golek Kuoso, ora kanggo nyejahterake rakyat, mulane kudu siap nek ono seng nglawan, semune Calon seng gagal ntuk rekom, kandange  kono nggonen, tapi bantenge tak nggo aku, tak nggo nglawan. Tambah ngaru oro, amargo saking mangkel lan kuciwane atine.

Pandongaku mung siji, mugo - mugo Pilkada iso kaleksanan kanthi becik, siap menang lan ugo siap kalah, poro pemimpin Nayaka Projo sigap, saeko proyo nenangke masyarakat. Supoyo ora gampang diadu ndas wedus karo wong seng gak bertanggungjawab, pengen ngaco negara Iki, nganggo fitnah, kabar palsu lan sapanunggalane, mugiyo diijabahi Gusti Seng Akaryo Jagat. Amin. (Rome)



Posting Komentar

0 Komentar