Saben jam istirahat, Bagas mesthi lungguh dhewe ing bangku mburi kelas. Nalika kanca-kancane padha ngguyu, guyon, lan mangan bontot bebarengan, dheweke mung meneng karo nyawang saka kadohan. Ora ana sing nglarang Bagas kekancan, nanging dheweke rumangsa kaya ana tembok sing misahake dheweke karo kanca-kancane.
Dina kuwi, kaya biasane, Bagas mung lungguh dhewe. Nanging panyawange dumadakan mandheg ing bocah telu sing lagi padha ngguyu ing cedhak jendhela. Rara, Nisa, lan Wulan. Katone kekancan telu kuwi raket banget. Yen siji ngguyu, liyane melu ngguyu. Yen siji duwe crita, liyane padha ngrungokake. Bagas kepengin banget nduweni kanca kaya ngono.
Kanthi ati rada deg-degan, Bagas banjur nyedhaki dheweke.
“Rara, aku oleh melu lungguh kene?”
Rara mesem lan ngalih rada menehi papan.
“Ya, oleh. Ayo lungguh kene.”
Ukara sing prasaja kuwi ndadekake atine Bagas bungah.
Wiwit dina kuwi, Bagas saya kerep bebarengan karo Rara, Nisa, lan Wulan. Dheweke wis ora lungguh dhewe maneh. Ana kanca sing bisa diajak crita, guyon, lan sinau
bebarengan.
Nanging, rasa seneng kuwi alon-alon malih dadi rasa wedi. Bagas wiwit kepengin supaya Rara luwih cedhak karo dheweke tinimbang karo Nisa lan Wulan. Nalika nyawang Rara lan Nisa padha guyon, atine Bagas krasa ora kepenak. Nalika Wulan ngajak Rara menyang kantin, Bagas wiwit rumangsa wedi yen bakal ditinggalake.
“Nis, aku arep takon. Apa tenan kowe tau ngomong yen ora seneng kekancan karo aku?”
Nisa langsung gedhek.
“Ora tau. Sapa sing ngomong kaya ngono?”
“Bagas.”
Wulan sing wiwit krasa ana sing ora bener banjur melu ngomong.
“Aku uga tau dikandhani Bagas yen Rara ora seneng kekancan karo aku.”
Wulan sing wiwit krasa ana sing ora bener banjur melu ngomong.
“Aku uga tau dikandhani Bagas yen Rara ora seneng kekancan karo
aku.”
Bocah telu kuwi padha pandeng-pandengan.Saiki kabeh wis cetha.
Nalika kuwi Bagas mlebu kelas. Dheweke mandheg nalika ngerti Rara, Nisa, lan Wulan padha nyawang dheweke. Saka sorot mripate, Bagas wis ngerti yen gorohane wis kawiyak.
Bagas meneng. Atine ndredheg.
Dheweke kepengin mlayu, nanging sikile kaya ora bisa obah.
“Bagas,” Rara nyeluk Bagas, “apa bener kabeh kuwi saka kowe?”Pitakon kuwi kaya watu gedhe sing nindhih atine Bagas.
Bagas ora bisa ngapusi maneh. Dheweke ndhingkluk.
“Iya,” wangsulane lirih.
Kelas dumadakan sepi.
“Aku njaluk pangapura,” omonge Bagas kanthi swara gemeter. “Aku
mung kepengin duwe kanca. Aku wedi yen Rara luwih seneng karo Nisa lan Wulan. Aku wedi ditinggalake. Mula aku nggawe crita supaya kowe kabeh padha adoh.”
Mripate Bagas wiwit mbrambang.
“Nanging aku saiki ngerti, tumindakku salah. Aku ora mung ngapusi,
nanging uga wis ngrusak kekancane wong liya.”
Rara isih meneng.
Nisa lan Wulan uga durung bisa langsung ngapura. Pungkasane Rara ngomong, “Bagas, aku lara ati karo kowe. Nanging yen kowe tenan getun, ayo padha ndandani maneh kekancan iki. Nanging aja nganti kedadeyan kaya ngene dibaleni maneh.”
Bagas manthuk. Atine rada lega. “Aku janji.”
Wiwit dina kuwi, Bagas ora maneh ngupaya nduweni kanca kanthi cara sing salah. Dheweke sinau yen kanca ora bisa diduweni kanthi meksa, ngapusi, utawa misahake wong liya.










0 Komentar