Kapolres Blora, AKBP Wawan Andi Susanto (urutan 3 soko tengen) ngangkat botol inuman sing mendemi sing arep dijurke nganggo slender
Kapolres Blora, AKBP Wawan Andi Susanto nampa laporan anak buahe, Kasat Samapta Iptu Kusneo, sing dadi Ketua Satgas Operasi Pemusnahan Minuman Keras Polres Blora
Laporan Tahun Pungkasan
SAMINOTO, ME - Tahun 2025 karek ngitung kurang rong dina maneh, Kepolisian Resort Blora sing dipimpin Kapolres, AKBP Wawan Andi Susanto, dina iki Senin (29/12/2025) ning Gedong Sapa Temon Iwan Ibrahim nggelar adicara Laporan Tahun Pungkasan 2025, sing ditekani Bupati Blora, diwakili Asisten 1 Bidang Pemerintahan, Agus Puji Mulyono, Komandan Kodim 0721/Blora diwakili Kasdim Mayor Bani, Kejaksaan Negeri lan Ketua Pengadilan Negeri Blora lan para Tokoh Limang Agama ning Blora.
Ning laporane, Kapolres Wawan Andi Susanto ngandakke yen ongko perkara - perkara sing kalis dibarke polisi - polisi andahane. Contone perkara colong jupuk montor, narkotika lan obat - obat sing marai mendemi lan mbayani tumrap kesehatan awak dewe. Sak liyane iku perkara kecelakaan lalu lintas sansaya ndadra, amerga ora gelem nurut aturan lalu lintas ning ndalan.
"Kasus - kasus colong njupuk tahun iki mundak amerga, ana para narapidana residivis sing bar metu teka pakunjaran, jebule ora kapok, malah mbaleni maneh nglakoni colong jupuk motor, tapi Alhamdulillah iso ditangani Polres Blora lan kendaraan motore wes dibalikke kabeh ning sing nduweni," omonge Kapolres Wawan.
Nylenderi Inuman Mendemi
Sak liyane iku, Kapolres Wawan ugo nglaporke nek dina iki, arep ngejur ewonan botol inuman sing mendemi, sing kasil dirampas teka bakul - bakul pas operasi cipta kondisi lan kegiatan rutin yang ditingkatkan (KRYD) kanggo ngamanke pengetan Dina Raya Natalan lan Tahun Anyaran Bengi ning tlatah Kabupaten Blora.
Ning ngarep puluhan wartawan sing diundang kanggo ngliput adicara kuwi, Kapolres Wawan Andi njaluk supaya pengetan bengi nyegati tahun anyaran 2026, supoyo melu menehi uninga yen ono warung - warung sing iseh dodol banyu gendeng utawa inuman mendemi, lan ora nyumet kembang geni koyo biasane, kanggo ngrasakno rekasane wong - wong sing kena kalabendu ning Sumatera lan ning Aceh.
"Luwih apik ngrayakno Natal lan Bengi Tahun Anyaran sing sederhana wae, dinggo ndedonga, gak usah nyumet kembang geni, amerga sedulur - sedulur awak dewe ning Sumatera lan Aceh lagi kena kalabendu, mulane Polres nganakno operasi inuman mendemi, supoyo pengetan iso lumaku lancar, tertib lan aman, dino iku udakara 2600 botol inuman mendemi dijur kanthi sarana dislender," aloke Kapolres karo nguncalno botol - botol isi banyu gendeng ning rodane slender, disusul Kasdim, Kejaksaan Negeri, Ketua Pengadilan Negeri lan perwakilan Bupati Blora, Asisten 1 Bidang Pemerintahan, Agus Puji Mulyono, Kasatreskrim Polres Blora, Iptu Zaenul Arifin, Kasat Narkoba, Iptu Muhamnad Anshori, lan Kasat Samapta, Iptu Kusneo. (Rome)











0 Komentar