Amplop coklat sing nduwure ono kop, Pemerintah Daerah Kabupaten iku dibukak, banjur diwoco, sing isine sosialisasi ngongkon pengusaha warung kopi lan restoran sing rame, kudu mbayar pajak restoran udokoro 10%, sing mestine tetep dijalukke ning langganane.
Masiyo ning ndesa warunge Yu Tik banget misuwure tur rame, sing saiki diurus bareng karo Dhe Sumar, bojone anyar, akhire Dhe Sumar kelakon nyandhing Yu Tik, pepujane atine sing wis suwe. Ndilalah warung iku, ketekan rombongan tamu adoh, sak mobil mampir ning warung, pengin ngopi karo rapat, ketone pengusaha utowo investor.
"Ada tiga skema yang harus kita pilih ini, untuk bisa investasi di eks Pasar sama Lapangan Golf, skema pertama sewa 10 tahun, skema kedua kerjasama pengelolaan selama 25 tahun, dan bisa diperpanjang lagi sekali, habis kontrak kita serahterimakan fisiknya, dan skema ketiga bangun guna serah, yang kurang lebih mirip yang kedua, kita pilih yang mana nih" aloke Edi Dulhak, sing mbukak rembuk nganggo boso Indonesia, maklum dewekne wong teko Jakarta.
Sawise dirembuk, antarane Edi Dulhak, Ronny, wong loro iku teko Jakarta, sarujuk nek nganggo skema sing nomer loro, sing kancane wong telu, Mas Yoyok, Adi lan Nono, sing notabene wong lokal, jek mikirno abot enthenge kabeh skema investasi mau, miturut mas Yoyok, sing dadi arsitek ning seniman, menehi saran perlune konsep sing apik, tapi investasine gak gede, gawe taman wisata edukasi, budaya dan olahraga.
"Amergo lahane kuwi termasuk aset dinggo olahraga, golf sing wes puluhan tahun gak dienggo alias mangkrak, desain luwih apik, ora ninggalno fungsi olahraga, ben gak perlu ngganti tanah, kita kan mau mengoptimalkan ya to, kita bangun jogging track, kolam renang semi olimpiade, tapi yang bentuknya tidak harus kotak, jadi seninya ada, terus ada anjungan - anjungan untuk ekonomi, zona pertanian dan perkebunan, pusat kuliner, wah pokoknya nanti kita buat baguslah," omonge mas Yoyok tharik - tharik.
Lahan sijine, bekas pasar induk, sing mbiyen terkenal sak Karisidenan Pati, dibangun tahun 1973 iku, termasuk pasar sing misuwur, rame ning akhire kudu dibrukno trus dipindah ngidul adohe watara 3 kilometer iku, saiki dadi lapangan, nggo dolanan layangan, sing dodolan mung 4 warung penyetan ikan bakar, karo kedai teh cilik - cilik, sisane kothong mlompong, wes patang tahun ugo mangkrak.
"Kudune Pemerintah iku nduwe ide, pie manfaatno aset - aset sing mangkrak dadi sumber pendapatan asli daerah, jarene kene iku terkreatif dan terinovatif, terakhir investasi melonjak, tapi kenopo wong nganggur iseh akeh, masyarakate yo jek miskin, PADne rendah, tapi pajeke ning rakyat digetke, mulai pajak restoran lan hotel, parkir elektronik khusus, pajek jual beli omah tanah sing gak disesuaino NJOP, tapi malah gawe itungan dewe, kamangka akeh asete sing mangkrak," aloke Nono, sing ugo pengusaha lokal.
"Kalo saya dipercaya pegang lahan eks pasar itu, kita buat pusat kuliner saja, kita investasi kecil tapi penghasilannya besar, dan tidak memberatkan bagi pengusaha UMKM Blora, gak muluk - muluk, kita pasang 100 - 200 tenda ukuran 2 × 2 untuk kuliner, di tengah ada tamannya, untuk main anak - anak, 100 - 200 tenda itu kita sewakan harian, mingguan atau bulanan, kita hitung ya sehari Rp. 10.000 x 356 hari x 200 tenda atau both, udah berapa tuh, ketemu Rp. 712 jutak lho setahun, tinggal bagi hasilnya nanti dengan pemkab sama kita, berapa prosentasenya, akhirnya kita bikin pasar baru to, pasar kuliner untuk mengganti pasar sing ilang kumandange, ngapain susah - susah" aloke Edi Dulhak, cah kene tapi saiki pindah kono, Jakarta, mulane saiki dadi nganggo bahasa ngapain - ngapain wae, kanca - kancane langsung ngacungno jempol karo muni setuju, bareng - bareng tur seru. (Rome)
0 Komentar