IKLAN


 

Geger Gedhen Bumi Pati, Iso Mrembet Tekan Endi?

"Geger gedhen wong - wong warga Pati karo Bupatine, kudune iso dadi pasinaon Pemerintah carane nggawe aturan, supoyo ora ngawur lan adigang adigung, adiguna, rakyate lagi mawut ekonomine kok malah meh diperes mundake pajek bumi bangunan sampek 250%, masiyo wis mbatalke ning kadung lara ati, rakyat tetep ora trimo, tetep arep demo, Bupati kudu lengser, unene lan tuntutane...salahe nantang rakyat"

Bengi iku warunge Yu Tik, rame banget podo ndelok siaran TV youtube, sing bolak balik nyiarno geger gedhen ning bumi Pati Mina Tani, mulai adu dodo antarane salah siji aktifis demo, mungsuh Pelaksana Sekretaris Daerah Kabupaten Pati, sing dadi goro - goro ono keputusan Bupati Pati sing anyar, ngundhakno pajek bumi bangunan perkotaan dan perdesaan (PBB - P2) sampek ora tanggung - tanggung 250%. Alesane wis 14 tahun ora tahu mundhak.

Mundhake PBB P2 sing sampek 250% iku, mungguh wong - wong Pati ngagetno, jarene durung podo ngerti alias tanpa sosialisasi, monggo ono sosialisasi yo mung para Nayaka Praja Desa sing ngerti, mak bedunduk do kaget, sing duwe duit masiyo nggrundel yo tetep mbayar, lha sing gak nduwe duit iki lho, jelas geger, ikulah mula bukane gegere bumi Pati.

"Lha iyo jaman duik angel ngene kok, rakyat kudu diperes ae, mundakno pajek kok angger angop ae, opo maneh nantang rakyate, yo jelas dituku leh," aloke Dhe Sumar.

Om Law sing melu nonton berita Youtube iku, sinambi ngopi lan kebal kebul udutan, ora lali nyawel gorengan rondho royal sak piring, karo mesam mesem ndelokno polahe Dhe Sumar, sing sajak gregeten ngerti berita teko manca Kabupaten iku.

"Seperti itu pripun Om Law, keputusan Bupati itu bisa dibatalkan nopo mboten, kebijakan itu diprotes oleh warga banyak, nek ndelok videone kan Bupati mlete, njaluk didemo 50 ewu wong, lha trus kelakon to yo," aloke Lik San, karo mijeti gulune Mbah Sastro sing nyungir - nyungir, merga ora dipijeti nanging malah ditekek, ngger Lik San emosi, jempole malah ngremes gulu ngarep.

"Athah..athahh..athahh....piye to kiiihh, kok malah mbok tekek guluku leh Lik, matamu kudune ndelok guluku, kok malah ndelok tivi ae, wes..wes..kelakon jablas aku ngko," bengoke Mbah Sastro, karo ngeculno tangane Lik San soko gulune.

"Waduh sori mbah..sori....!" saure Lik San. 

Sak warung podo ngguyu cekakan, ndelokno Lik San karo Mbah Sastro, sing raine abang ireng mergo bar ketekek. Om Law sing ahli hukum iku, melu ngguyu sedelok, terus ngomong ning warga sing do ngopi, karo ndelok berita iku.

"Sebenarnya untuk membatalkan itu secara yuridis harus melalui gugatan di Pengadilan Tinggi Tata Usaha Negara atau diPTUNkan, tapi masyarakat Pati ini pilih jalan yang cepat, dan cerdas, mungkin mereka tahu kalo proses formal yuridis formil akan berjalan lama, dan mereka bisa jadi tidak percaya proses itu bisa dimenangkan oleh mereka, makanya mereka pilih demo, galang kekuatan massa, dan itu efektif, desakan pembatalan itu dipenuhi oleh Bupati yang sekarang infonya membatalkan kenaikan PBB P2 itu, lha ini preseden yang baik, untuk kepala daerah yang lain, agar jangan ngawur bikin kebijakan," aloke Om Law marang wong - wong, jenenge ae Lawyer omonge mesthi nganggo boso Indonesia.

Lha iyo negara kok isane ngemis thok ae, kamangka pelayanane nggedabus, ora apik ora profesional blas, nduwe aset daerah atusan dimbarno mangkrak, padahal rakyate sing lagi pengin usaha mbutuhno, kredit diangel - angel kanggo wong cilik, kok malah macet puluhan milyar, ning wong - wong sing wes sugeh mblegedu, pilihane pajek PBB karo jual beli tanah sing diundhakno, wong cilik ketekek rentenir, wong gede ongkang - ongkang ngitung duit utangan, sing jumlahe luweh gede timbang agunane. Duh Gusti paringono sabar rakyat cilik niki. 80 tahun merdeka kok malah wedi karo gendero kartun! Jian ora becus tenan! Sing diurus ora sing penting, malah ngurusi gendero kartun. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar