IKLAN




 

Lha..Tenan To?

"Wes mbuh, arep nemoni opo Negoro Iki, gegeran koyo gak iso disemayani blas, mben sasi kok gegeran ae, gentenan urusane sing dienggo gegeran," aloke Dhe Sumar, karo ndeloki hapene.

Kopi karo gorengan rondo royal sak piring kemebul neng ngarepe dadi anyep njejep, merga ora digape, mripate ndelokno hape wae, moco berita - berita online perkara pilihan perangkat.

"Jian..uelik tenan ogh setingane, nekad tenan, mosok sing dadi bojone petinggi, anake, mantune, ponakane, pokok sing cedak karo Petinggi lan Perangkat sing iso dadi, jian ngeri tenan," aloke Dhe Sumar karo kebul - kebul lambene nyedot rokok filter senengane.

Gak gantalan suwe teka Om Law, karo kancane podo - podo Pengacarane, ketone bar lungo teka adoh, tangane nggowo map abang, tangan sijine nyekeli hape, sajak sibuk nompo telpon.

"Iya mas..iya..kita tinggal menunggu proses, laporan sudah kita masukkan, dan sudah diberikan Surat Tanda Terima Laporan, di Polres, tunggu tiga hari disposisinya ya, nanti kita kabari lagi," saurane Om Law neng telpon.

Wah jebule demo wingi ono terusane, masiyo wis do dilantik, malah ono sing wis bancakan, sukuran nanggap dangdutan bereng, Perangkat anyar Iki karo Panitia dadi ketar ketir, deg - degan, ditambah Bupati wis ngongkon nglaporno ning Polisi opo Jaksa yen ono kecurangan utawa korupsine, nanging kudu nganggo bukti sing cukup.

"Halo Om Law, wah keliatannya habis dari kota besar ya, gimana ini Om Law, lha tenan to, perades Iki mesti geger kan, mainnya keterlaluan sih, kayaknya semua bisa diawur ini," aloke Dhe Sumar, marani mejane Om Law karo kancane.

Om Law karo kancane banjur nyalami Dhe Sumar, terus ngongkon Dhe Sumar lungguh bareng ning mejane, ngajak ngobrol ngalor ngidul perkara ujian komputer Perangkat sing diadakno ning Perguruan Tinggi.

"Jadi begini Dhe Sumar, ini memang dugaannya serius, semua orang yang kalah merasa dia dicurangi, padahal dia S1 bahkan ada juga S2, yang gagal dikalahkan oleh anak SMA, dan yang paling parah, akan ada banyak yang mengabdi di Desa terancam nganggur, karena dikalahkan mereka yang tidak punya pengabdian, ini kejahatan yang luar biasa, karena terjadi di hampir semua Desa yang laksanakan seleksi, dan mereka dihajar di CAT, dan solusinya, laporkan pidana saja," aloke Om Law. 

Jebule tenan, kantor Polisi kebak wong laporan, calon Perangkat Desa sing gagal, gak main - main, sedina 5 laporan, opo gak lempok iku mriksone, tapi pancen gak keno diselaki, gak ono tumindak olo sing sampurno, mesti ono tipake, wes mboh, saiki kok dadine sesarengan do laporan polisi Yo? Nek wis ngene iki, trus salahe sopo? (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar