IKLAN




 

Tim Buser ASN Nakal

Warung pojok desa nggone Yu Tik pancen warung klangenan, saben bukak gak tau sepi, pelanggane akeh, sopo ae mrono, mulai sumaker koyok Mas Momon, mantan Anggota Dewan, koyok Mas Joko, Pengamat Politik kelas Warkop, koyok Dhe Sumar, Mantri Alas, sampek Ahli Hukum, Om Law, bengi iku ndilalah kok komplit, teka kabeh.

Warunge mono biasa ae, yo mung dodolan kopi kothok, kopi susu, teh, karo extra jos, jajanane mung gorengan, gedang goreng, limpang limpung, godres karo Rondho Royal sing paling terkenal, merga sing dodol Rondho anyaran, Iyo Yu Tik Rondho anyaran ditinggal lungo sing lanang, katut babon liyo neng Negara Manca, ning sayange gak dodol rokok, wedi diutang jarene.

"Wes jian angel tenan tuturanmu, angel tenan tuturanmu..." bengoke Dhe Sumar, karo nembang, nanging mripate ndelok kiriman video, mboh ko endi. Sing do ngombe kopi kaget, trus noleh ning Dhe Sumar.

"Ono opo to Dhe...get geti uwong ae, biasa ae lak iso eh, wong ndelok hape ae, pilem opoleh iku, kok gegetem mboh," cluluke Mas Momon, sing lagi wae arep lungguh pesen kopi.

Dasare Dhe Sumar kurang patio seneng Karo Mas Momon, merga dianggep saingane nggayuh tresnane Yu Tik, karo mbesengut Dhe Sumar, njawab angger ae.

"Yo gen Leh, wong hape - hapeku Dewe, karek aku Leh, jawabe sengol.

Ngerti kondisi ngunu iku, Mas Joko, mantan Anggota Dewan nengahi, sebab dilirik Mas Momon wis geget - geget untu, karo ulate abang ireng, menthelengi Dhe Sumar.

"Ojo ngono ah Dhe, Ono opo, bar ndelok pilem opo kok trus koe nembang koyok ngono, angel tenan eh tuturanem, kene lho dibahas, karo mangan Yu Tik...eh Rondho Royal Iki lho anget - anget," suarane Mas Joko, mantan Anggota Dewan, alus tapi menakno ning kuping.

"Lha Yo, ngene Iki pie, wingi bar kecekel rapat karo timses, saiki rapat Dewe, tapi koyok ajak - ajak mendharat, suk tanggal 9 Desember 2020, kon milih jagone, padahal iku Yo pejabat lho, ASN, ora wedi kenek sanksi pie?!" saure Dhe Sumar.

Mas Joko, banjur nyumet udut, trus ngetokno kebul, lambene dimonyongno mendhuwur, mbentuk huruf "O", keluk metu mbentuk huruf "O", wis jian nikmat tenan olehe udutan.

"Memang angel tenan kok Dhe tuturane, ASN Iki, siji kenek, ora mendho, malah soyo nekad, rapat internal yo wani ajak - ajak mendharat, bangkune ndue gawe Dewe pie," saure Mas Joko. "Tapi ngene Dhe..iku wis Ono mekanismene, carane pie, Yo laporno neng Bawaslu, Ning ojo sampek telat neh lho, iku nek urusan pilihan, nek urusan ASNne, Yo laporno neng KASN, yen wis ora percaya Karo APIP kene," tambahane marai manteb.

"Tapi ingat lho, harus disertai bukti - bukti dan saksi - saksi, jangan sembarangan nuduh orang, bisa dilaporkan balik repot nanti, pasalnya banyak itu 310 Jo 311 KUHP, UU ITE Pasal 27 ayat 3 juga, harus hati - hati, jangan sampai blunder," sembunge Om Law, biasa nganggo boso Indonesia, soale dekne Ahli Hukum lan Pengacara, melu ngelingke Dhe Sumar, supoyo ora angger ngarani wae.

"Lha terus pie ngene iki, Om Law, nek Ono kedadeyan ngene Iki, masyarakat dadi Wedi lapor nek malah dilaporke balik, wong Bawaslu yo personile terbatas, opo nggawe Tim Buser dewe ae Yo, jenenge Tim Buser Anti ASN Nekad tur Nakal" saure Dhe Sumar gak kelangan akal.

"Idene Dhe Sumar pancen apik, ning sing mbayar iku lho sopo? Trus SKne ko ndi, sampek kapan berlakune, trus dasar hukume opo, kok aneh - aneh ae Dhe..Dhe.." aloke Mas Momon, karo njrunthul metu ko warunge Yu Tik, lali ora mbayar. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar