IKLAN


 

Welute Wis Kecekel, Welute?

Malem minggu warunge Yu Tik koyo biasane rame cul sore, wong - wong teko lungo mbungkus kopi karo gorengan, sing nggumuni ono tukang ojek teko Girabfood karo Oyako.Len ora pisan pindo nggowo bungkusan kotak isine gorengan rondho royal crispy karo kopi santen, sing wadahe nganggo gelas plastik model saiki, jian tambah kemajuan saiki warunge Yu Tik.

Masiyo rame, Yu Tik ora kerepotan ngladeni, rewang telu sregep - sregep ngrantasi gawe, tur diewangi ganthilan atine Dhe Sumar, sing bagian ngudek kopi kothok karo kopi santen, duet maut Yu Tik - Dhe Sumar pancen saiki dadi luweh profesional, nglayani langganane, nggawe kopine jare kebak roso tresno, atine girang koyo nyawang kembang.

"Wah nek ramene ngene, bakal turu gasik awak dewe dik, kopi karo gorengan menowo jam 9 bengi wes entek lho, kamongko wingi awakmu durung kulakan neh," aloke Dhe Sumar karo.mesam mesem.

Sing diesemi yo sajak e ngerti, melu mesem, pipine semu abang, krungu rep dijak turu gasik, Yu Tik pancen wis sreg tenan disanding karo Dhe Sumar, masiyo wes sepuh, ning gayane ngrayu ora kalah karo sing enom, mak jleb opo sing dikandakno Dhe Sumar, pancen yo sing dikepingini dewekne.

Nanging tan kocapo, lagi wae meh diringkesi warunge, dumadakan teko sak rombongan mobil jeep karo sedan, mandek jegrek ning ngarepe warunge Yu Tik, siji - siji metu soko mobil - mobil sing warnane ireng dop, koco mburine ono tulisan Unit Resmob, totale ono wong 10.

Warunge Yu Tik ketekan wong lanang gondrong - gondrong gede duwur, mung siji sing awake cilik, rambute cepak, ning paling senior, yoiku komendane, lagi sibuk telponan nganggo Hape, anggota liyane do lungguh ngewasno komendane.

"Welute wis kecekel, welute? Ok amankan, ojo sampek ucul maneh, motore gowo markas san, tak tunggu ning warunge Dhe Sumar, iki anggota siap nyusul, mbantu," aloke Kapten Jono, sing njabat Kapolsek Kutho.

Jebule sing teko kenalane Dhe Sumar, Kapolsek Kutho, Kapten Jono karo anak buahe, para reserse lagi nggoleki welut sing lunyu, wis lunyu kecemplung oli pisan, tapi dino iki sajake apese welut, sing tukang nipu, nganti ngrugekno wong milyaran.

"Wah welut iku pancen tengik tenan, wes dadi golekan uwong, sing ditipu marik - marik, moduse nawakno investasi usaha pertanian, mbiyen yo tahu odo - odo meh gawe Sekolah Tinggi Ilmu Pertanian, njaluk ngeterno nemoni Bupati, lagak e koyok investor tenan jebule tukang tipu, nganggo gelar dokter barang, ben iso nipu uwong, kurang ajar pokoke!" aloke Mas Slamet sing krungu nek welut iku wes kecekel polisi.

"Iya, itu harus ditahan, karena diduga korbannya banyak sekali, dia itu buronan massa di mana - mana, bahkan ngaku bisnis sawit di luar Jawa, ini dugaannya KUHP 378 jo 372, tipu gelap, terus kalo dia dalam modus operandinya pake gelar dokter palsu alias gadungan, dia kena pasal 69 ayat 1, Undang - Undang Nomor 20 Tahun 2003, tentang Sistim Pendidikan Nasional tentang pemakaian gelar palsu," omonge Om Law, sing ndilalah lagi ngopi ning Yu Tik. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar