"Wah bejo kemayangan Yu Tik karo Dhe Sumar iso turu gasik, mergo kentekan diborong Bos - Bos Tebu iki," aloke Solikin, Wartawan Jlubang Pos.
Jebule sing teko ning warunge Yu Tik, rombongan Bos - Bos Tebu, sing dadi Pengurus Petani Tebu, iki mau bar audiensi ning Gedung DPRD, ketone isih kurang manteb dirapatno neh ning Warunge Yu Tik.
Karo nyruput kopi, udut jedal jedul, sinambi nyawel rondho royal, Kaji Tono, Kaji Dibyo, Mbah Kus, mbahas maneh point - point audiensi, sing nguntel - nguntel Bos pabrik gulo mau awan. Pokoke diundomono kabeh, entek ngamek kurang golek.
"Yo wajar to nek awak dewe muring - muring, lha nandur tebu setahun, wayahe panen malah pabrike ditutup, gak ngrasakno rekasane wong tani blas, untung ae Dewan e kene yo melok nandur tebu, dadi ndukung awak dewe," aloke Kaji Tono.
Ora kalah sengole Mas Eko, sing tani utun mulai ngadeke pabrik, suwene 11 tahun nandur tebu, kok tansah ono masalah wae, ora koyok gulane, sing jarene manis, kok malah dadi pait, padahal iku pabrik nggone negoro, kok iso rugi terus.
"Lha yo, nek dirasak - rasakno kok lucu yo, tuku tebu luweh murah timbang swasta kok malah rugi, kudune yo bathine sak undung - undhung leh, kok laporane rugi wae, jan jan e sekolah matematikane ning ndi to, swasta wani tuku larang ae jek bathi kok, nek rugi terus alung ndang didol wae ning pabrik gulo swasta neh!" aloke rodo seru, ben podo ngguyu.
Pancen aneh, pabrik gulo iku mbiyen dituku mboh pie konsepe, nganggo duit utangan Bank yo nggone negoro, udokoro Rp. 1,2 Trilyun, lha kok alate ngger dinggo giling kok rusak wae, tibane malah rugi terus sampek Rp. 134 Milyar, mongko jek kudu mbayar utang Rp. 800 Milyar, jian mumetno wong.
"Umpomo didol ngunu payu piro yo, trus ono sing gelem nuku pora, umpomo dituku pabrik gulo swasta iso luweh apik pora, tapi nek swasta biasane luwih propesional to, wong wis ragat akeh, mosok gelem rugi, lha nek nggone negoro kan entuk anggaran terus, mboh menang mboh kalah, penting bayaran karo sabetan lancar, mangkane Presiden Prabowo muring - muring, BUMN rugi kok Komisaris karo Direksine tambah sugeh, brengsek jarene!" aloke Mas Eko. (Rome)
0 Komentar