IKLAN


 

Kepikut Program Alop - Alop

"Piye kabare Yu, suwe ora jamu, wes suwe ora ketemu yo, kapan mbok bukak meneh warungmu Yu" aloke Mas Dwi, Ketua Karang  Taruna Desane Yu Tik.

Yu Tik mung mesem, karo ngelapi meja kursi sing kebak awu sing kandel, mergo suwe gak tahu mbukak warunge. Dina iki, warunge kopi dibukak maneh. Sawise siap kabeh, Yu Tik lungguh ngenteni langganane, sing wis suwe ditinggal lungo.

Gak gantalan suwe, krungu kabar nek warunge Yu Tik bukak maneh, langganane podo moro, sajak ora sabar, pengin ketemu Yu Tik, lan sing paling banter ndisiki kepengin ketemu Dhe Sumar.

"Yu awakmu ning endi wae, kok moro - moro ngilang, sak bare Pilkada wingi, ono cerito opo to Yu, kok tegel men ninggal aku, tanpa pamit, Yu aku bianget kangen karo awakmu, eh kopimu ding," aloke Dhe Sumar, masiyo wes ekspayet, ketemu Yu Tik dadi koyok mbalik nom meneh.

"Aku nggudak layangan pedot Dhe, nganti nerak - nerak, munggah mudun gunung, nglumpati jurang, nyebrangi laut, tapi sing tak oyak jebule wis ono sing nduwe Dhe" saure Yu Tik karo sesenggukan.

Masiyo kangen, atine Dhe Sumar koyo keslomot, mergo Yu Tik wis tego ninggalno dewekne, sing sabar ngenteni, karo ngebulno udute, sawangane Dhe Sumar ora kedep ndelokno Yu Tik sing neteske eluh, ngelingke paite uripe.

Sing uwis, yo uwis Yu, pancen iki wes dadi dalane awake dewe, sing penting masa depan ning ngarep iki lho, gatekno, aku nduwe pepesthen, kanggo awak dewe nik gelem urip bebrayan, urip iku golek sing nyoto wae, ojo melok - melok program sing gak jelas iku, opo meneh program kok alop - alop," pungkase Dhe Sumar, karo nyekel tangane Yu Tik.

Yu Tik mung iso manthuk, tanpa ngingeti Dhe Sumar, nanging atine wis lego, Dhe Sumar tetep setyo tuhu ngenteni awake. Masiyo wis bolak balik nglarani atine, mergo nggudak layangan pedhot, lan kepikat janji sing meduk koyok pindang gak ono erine. Mugiyo subur lan langgeng bebrayane Dhe Sumar karo Yu Tik, nganti suk mbene. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar