IKLAN




 

Suwe Ora Jamu

.      Gambar paraga warung kopi nDeso

"Suwe ora jamu, jamu godhong telo, suwe Ra ketemu, ketemu pisan gawe gelo," 

Unen - unen parikan Jowo ditembangno Yu Tik, sing nduwe warung pojok deso, suarane cilik duwur alus nanging marake ati trenyuh. Koyo - koyo dadi Melu gelo sopo wae sing krungu uyon - uyon iku.
Dhe Sumar sing lagi wae liwat dalan Kono, katon sumringah nanging sajak melu sedeh, nek bocah saiki ngarani galau bareng keprungu suara tembang suwe Ora Jamu iku.

"Pancen wes suwe aku ora ketemu awakmu Yu, diriku mbok tinggal tanpo pamit, suwene meh telung tahun, geneyo awakmu tego gawe suloyo Ning atiku Yu Yu..." aloke Dhe Sumar, sing sajake Nandang lara ati tenan ditinggal Yu Tik, nggoleki tidasane ning Negara manca, negarane Lee Kwan Yew, alias Ning Singapura.

Yu Tik mung iso mengingis, ngempet nangis, mripate kembeng - kembeng, ngelingi ayang - ayange tekade awake Dewe, sing wis wani nglungani warunge lan desane, nggoleki tidasane ning Singapura Kono, lan elike tanpa pamit, alias sesideman.

"Sepurane sing akeh Yo Dhe, aku lungo adoh nggolek tidasanku, bareng wes ketemu tak kiro iso Balen maneh, jebule sak walike, Mas Santoso ora iso dipercoyo, seneng ngliyo, padahal atiku wes tak entek - entekno, tak katok - katokno nggonku nyabari, tapi jebule watak e ora iso mari, Yo wes aku Trimo ngalahi balik, nggowo lara ati, aku njaluk sepuro Yo Dhe," aloke Yu Tik Karo sesenggukan, ngelapi eluh Ning pipine nganggo serbet.

Wes sing uwes, Yo wes gak usah dipikir dek, batine Dhe Sumar, Iki Ono diriku sing tansah setya ing tuhu nunggu awakmu. Ojo maneh lagi telung tahun, sewindu tahun panggah tak tunggu awakmu Yu Tik, Ojo kuatir, saiki nasibku wes beda Karo ndek biyen, aku wes dadi Perangkat Desamu sing mbok tresnani najan mbok selaki, aloke Dhe Sumar Ning njerone Ati.

Karo ngguya ngguyu Dewe, Dhe Sumar nyrupat nyruput kopi Ireng klangenane, sinambi udut rokok kretek sing rasane koyo mangan Pelem, senajan murah nanging nikmat e sak emboh, kadang keluk digawe - gawe bunder, nyoba gawe gambar ati diadepno Yu Tik, Dino Iki koyo - koyo nggone wong loro, opo Dhe Sumar - Yu Tik kedlarung tembang asmaradana? Mung Gusti Ingkang Moho Asih sing ngerteni. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar