IKLAN




 

Kriwikan Iso Dadi Grojogan

Bengi iku warunge Yu Tik dengaren rame wong, masiyo udan rimis - rimis, tur hawane anyep njejep, ora ndadekno do betah ning omah, sampek bojone do ngambek, amergo ngger bengi, tur wayah udan do ditinggal marung ning Yu Tik.

"Neng nggone Yu Tik iku ono apane Leh mas, kok ngger bengi awakmu mrono, esuk, awan, bengi mrono, sedino ping telu, koyok ngombe obat ae!" aloke Sri, karo bojone Lik Min, sing dadi Ketua Panitia pilihan Perangkat.

"Eh..Ojo mikir sing ora - ora dik, aku Iki lagi kenek urusan sing gawat, ning Yu Tik esok, awan bengi iku, nemoni Om Law, Pengacarane Petinggi Jono Iki lho, pokoke awakmu Yo ojo ngomong pie - pie perkara Iki ning tangga - tangga, wis aku tak budal Yo," aloke Lik Min, nganggo topi karo sarunge, trus mancal motor bebek.

Lha rak tenan to, ning warung e Yu Tik, wis do ngumpul, Ono Om Law sak tim e, Petinggi Jono, karo Perangkat liyane, kabeh nggowo berkas, termasuk Lik Min, jare Petinggi Jono, bengi Iki Ono bedah perkara karo Om Law, amerga ono laporan teka sing kalah.

Om Law sing Pengacarane Petinggi Jono, langsung mbukak atur, ngerti wis komplit kabeh sing teka rapat penanganan kasus Iki, lan infone akeh Petinggi sing dilaporke, merga nggawe Surat Keputusan utawa Surat Keterangan palsu.

"Semua ini memang tragedi, banyak Kades yang dilaporkan terkait pemberian SK yang diduga palsu, padahal kegiatannya memang ada, namun secara administrasi jarang ada Kades atau Desa yang menyimpan dengan baik SK pembentukan lembaga sosial kemasyarakatan di Desa itu, oleh karena itu Perbupnya dibuat pilihan yaitu SK atau Surat Keterangan, ternyata ini menjadi jebakan" aloke Om Law nganggo Bahasa Indonesia.

"Lha trus pripun solusine ngaten niki Om Law, padahal Karang Taruna niku nggih wonten kegiatane, nggih sak ploke pandemi niki, mboten wonten kegiatan nopo - nopo, wong mboten angsal kumpulan, nek SKne riyen mpun nate wonten, ning nggih Ical, mulane teng Perbup saget didamel Surat Keterangan," saure Petinggi Jono, karo kemebul udute.

"Ini memang debatable pak, antar Penegak Hukum punya sudut pandang yang beda - beda, kalo saya sebagai Pengacara njenengan, ini akan kita perjuangkan sebagai dasar pembelaan, toh kita punya barang bukti, yang menjadi bentuk eksistensi kegiatan, tetap kita akan bela njenengan, njenengan semua hanya menjadi korban, karena produk Perbupnya yang lemah, apalagi sosialisasinya tidak detail, ini harus duduk bersama, antara Praja APDESI, Bupati, DPRD dan APH, termasuk Pengacara, untuk dicari solusinya,, ini ibaratnya kriwikan yang bisa jadi grojogan, saking banyaknya yang melaporkan" aloke Om Law nandes, langsung disauri Kabeh sing teka. "Setuju!!!".

Posting Komentar

0 Komentar