IKLAN




 

Survey Ala Yu Tik Warung

   


Soyo cedak wektune coblosan, warunge Yu Tik tambah rame, tapi rembugane podo siji, mesthi perkara politik coblosan, pilihan Bupati sak Wakile. Dasar sing ndue warung Yo grapyak, mulane soal politik, Yu Tik mbebasno sopo wae sing arep ngobrolke jagone dhewe - dhewe, mulane neng warunge kebak gambar kabeh calon, sak visi misine. Warunge jian demokratis tenan.

    "Iyo mas, angger aku ditakoni sopo Jagoku, tak jawab rahasia mas, sing jelas aku ndue jago tenan, sing visi misine nglindungi kaum perempuan, opo neh Rondho anyaran koyo aku Iki," saure Yu Tik, karo ngedhepno mripate siji, wes kudu salto ae Dhe Sumar nek weruh ngunu iku.

    Bengi iku, warung e Yu Tik tambah rame, ketekan para Tim Sukses pimpinane Mas Momon, sajak e karo Tim Survey Pilkada teko Partai paling Gedhe. Jenenge wong Jakarta omongane Yo Loe loe gue gue, bahasa Indonesia.

     "Waduh gimana nih, hasil surveynya kok anjlok gitu, sampai dua digit angkanya, timnye Mas Momon udah kerja bener nggak sih, ini bahaya lho, apa mungkin bisa ngejar, waktunya sudah mepet gini?" takone Ketua Tim Survey, jenenge Hendrik Mutar Muter.

    Mas Momon rumongso koyo ditibani geni, tapi untung ae Mas Momon wong pengalaman, tur jago nggendam pisan, rokoke Maraiboros disumet, banjur disebulno Alon - Alon, jian tenang banget, ora gugup, ora ngewel, opo maneh ndredheg, masalah e iseh menungsa sing Takon, dudu Malaikat Mungkar Nakir, mungkin ngono batine Mas Momon.

    "Hasil survey jeblok itu nggak masalah, yang ditanya cuma berapa sih, bagi kita itu survey, untuk acuan saja, kita punya plan kedua, ketiga, Bang Hendrik tenang saja, kita punya senjata pamungkas, menjelang hari H nanti, yang penting Bang, situ dah kerja, hasilnya serahkan kepada kami endingnya," wah Jian tatas titis tenan jawabane Mas Momon, kebukti Ketua Tim Surveyne mok manthuk-manthuk thok.

     Kosokbalene, neng meja sijine rodo adoh ko mejane Mas Momon dan kawan - kawan, Tim e Dhe Sumar, sajak mongkog ngerti  hasil surveyne jagone sing adoh ninggalno kandidat liyane.

     "Wah ditumpuklah kok mekso gak nututi Jagone awak dewe Yo hasil surveyne, tapi Ojo trus Lena lho, soale sing disurvey iku mok 1500 wong, lha jumlahe pemilih 700 ewu wong, mulane kudu tenanan, nggo mujudke Surveyne mau, sing mesti gampang kok survey asline, ndi sing dalane rusak, sing banyune angel nek ketigo, lan abuk ilang pas dibutuhno tani, pemudane akeh sing nganggur, dikebut kampanye neng kono" aloke Dhe Sumar, karo nyawel jajan Rondho Royal gaweane Yu Tik. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar