IKLAN




 

Bangkune Undhoh - Undhoh Piye?


"Udan deres bengi iki nyatane ora marai wong do wegah metu omah, neng ndalanan ndesa memang yo sepi tintrim, koyok kuburan, bar ntuk layonan anyar. Sepi tur anyep. Nanging kosok balene neng warunge Yu Tik, ramene mboh, amerga saiki tambah gayeng, ora mung mergo bakule grapyak, semanak tur merak ati. Nanging Saiki warunge Yu Tik dipasangi Tivi layar datar lengkap karo Wi - Fi, jian inovatif tenan warunge Yu Tik saiki."

"Saiki warungku tak wenehi Tivi mas, Ben tambah betah neng kene, trus pasang Wi-Fi sandine Yutiksayang yo, ben iso ndelok berita neng Mbah Pegel," jarene Yu Tik karo nyugohno kopi susu komplit jajan Rondho Royal andalane.

Bengi iku jan komplit tenan, Ono Dhe Sumar, Mas Momon, Dewan Joko, Mantri, karo Om Law, ketambahan Bambang, Asistene Om Law, melu teka, jarene bar laporan sengketa perkara tanah neng Polda.

"Wah Om Law sibuk banget Yo, ketone suwe Ra tau kumpul, lagi akih perkara Iki ya Om," koyok biasane Dhe Sumar, ndhisiki mbukak omongan, marang Om Law.

"Iya nih, habis dari Polda pendampingan sengketa lahan, lawannya berat, BUMN soalnya, harus fokus menanganinya, ini kasus lama banget, mau di buka kembali," jawabe Om Law, biasa nganggo boso Indonesia, soale dekne Pengacara.

Dewan Joko melu nyauri, masio  wes pensiun ko Dewan, Mas Joko sek terkenal diundang Dewan, kadang yo mangkel, tapi yo bangga, soale wes dadi bolak balik.

"Lha Om Law gak ngikuti berita audensi tolak politisasi anggaran sing nggegerno uwong, dan viral di medsos? Menurut Om Law pie ngunu iku?" takone Dewan Joko.

"Ya ngikuti sih dari medsos, cuma itu masih usulan ya, tapi ya bagus, kalo ada kelompok masyarakat atau aktifis yang mengkritisi soal itu, tapi mesti benar - benar valid ya, biasanya kalo sudah ketahuan begitu, langsung dibantah, trus dicoret, itu kalo menyadari lho ya, eksekutif maupun legislatifnya, kalo nggak, ya masuk itu barang, harus ditelaah benar - benar data itu, dicari pembandingnya, dan didorong terus kalo memang itu bentuk dari upaya politisasi anggaran, harus jeli melihatnya," omonge Om Law. 

Mas Bambang, Asistene Om Law melu nambahi, supoyo data iku dirinci siji - siji, digoleki sisik melike, nek perlu konsultasi Ahli Hukum, ben gak dadi blunder.

"Aktifis harus hati - hati, jangan asal ngomong, kalo data tidak kuat, tidak valid, bisa dilaporkan balik lho, makanya perlu dipertimbangkan atau konsultasikan dengan ahli hukum juga, seperti Boss saya ini lho," aloke Mas Bambang.

Dhe Sumar karo Mas Momon, sing maune mung ngrungokno omongane Dewan Joko, Om Law karo Mas Bambang, Asistene, akhire melok - melok ngomong.

"Walah, harus hati - hati ya Om Law, ojo angger ae, tapi kok data - data iku iso metu neng medsos Yo, jian pinter tenan kok iso entuk ae datane, iso geger neh Iki, akeh sing ngomong, bangkune undhoh - undhoh pie?"  aloke Dhe Sumar.

"Ngger undhoh - undhoh ae koe Dhe - Dhe, ora gaduk kupingem kok..Ben diurusi wong pinter - pinter ae, nek penting iso ngopi, udut, nyawel Yu Tik eh rondho royale wes penak ogh," aloke Mas Momon. (Diose)

Posting Komentar

0 Komentar